Materi Tugas Bhs Jawa Kls Xi
Materi Tugas Bhs Jawa Kls Xi
Materi Tugas Bhs Jawa Kls Xi
BAB 1
GEGURITAN
A. Geguritan mujudake karya kang sipate pribadhi, mula geguritan panganggit siji lan
sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah
supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit. Kanthi mengkono,
geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan
lan sapanunggalane. Geguritan iku duweni nilai- nilai utawa amanat kang bisa
kapethik kanthi digancarake dhisik. Nggancarake geguritan iku ateges nganalisis
utawa ngudhari ukara- ukara geguritan supaya maksude bisa katangkep.
Semaken lan ayo diwaca tuladha geguritan ing ngisor iki!
Tuntutan Jaman Edan
Dening: J.F.X Hoery
Tikus pithi
Tikus wirog
Tikus sawah
Ing lumbung tengah pesta lan dansa
Ora nggagas bebaya kangarep ngisas.
Padangan-Bojonegoro
PSJB – 1985
Jayabaya, No. 19, tgl. 5 Januari 1986
Bausastra:
Mangsa : musim ngisas : ngukum, ngethok gulu
Bramantya : nesu nggonjak : meksa
Prasetya : janji wingit : angker, medeni
Jantraning : rodha, glindhingan
A. Struktur Geguritan
Geguritan nduweni struktur kang wigati.Sajrone ngerteni makna, pamaos kudu
ngerti struktur kang kinandhut sajrone geguritan.Sinau bab struktur sajrone
geguritan, bisa ditindakake kanthi nganalisis struktur lair lan batin kang kinandhut
sajrone geguritan.
2) Imaji (Panyitra)
Para panggurit nggunakake tembung-tembung kang bisa
ndungkapake pengalaman indrawi ing antarane pandeleng, pangrungu,
pangganda, pangrasa lan panindak. Mula, imaji iki bisa ngakibatke pamaos
kaya-kaya ndelok, krungu, lan ngrasakake apa kang dialami pangripta.
2. Struktur Batin
Struktur Batin geguritan yaiku unsur pamangune geguritan kang ora
maujud, nanging bisa dirasakake dening pancandriya. Struktur batin
geguritan ing antarane yaiku:
1) Tema
Tema yaiku gagasan kang dadi dhasar sawijine carita, saengga tema mau
nduweni sesambungan kang rinaket karo karya sastra kang dirantam
dening pangripta supaya dadi ringkes.
2) Wirasa
Rasa yaiku solah bawabatine pangripta ing sawijine prekara anggone
ngripta geguritan. Rasa kang dinduweni pangripta ing kene sesambungan
karo babagan sosial, psikologis, agama lan sapanunggalane. Sepira jerone
pandungkape tema lan ketepatan sajrone nyipati sawijining bab ora
gumantung marang anggone pangripta milah-milah tetembungan, nanging
luwih akeh gumantung saka pengalaman, wawasan, lan kapribaden
3) Amanat
Sajrone tetembungan lan ukara ing geguritan iku mesthi duweni
tujuan. Duweni amanat lan pitutur ing sawalike tembung kang rinacik
kanthi becik. Mula, para siswa uga kudu bisa nemokake amanat lan
piweling supaya bisaguna tumrap bebrayan.
TUGAS PRIBADI
Gatekno geguritan-geguritan ing ngisor iki lan wangsulana kang patitis!
(1) Damar
Dening: Erlina Zakiah Darajat
Cilik
Wujudmu
Gedhe pigunamu
Aku pengin dadi damar
Madhangi kang butuh pepadhang
Masia mung cilik kelap-kelip urube
Padhangmu migunani kanggo jagad saisine
MIDODARENI
Wengi sadurunge dilakoni ijab lan panggih bisa diarani wengi Midodareni, midodareni asale saka
tembung widodari. Masyarakat Jawa percaya amarga ing wengi kuwi para widodari teka khayangan arep
mudhun neng ndonya lan sowan ing omahe calon penganten estri, gawe nyempurnakake lan agawe
pangling.
1. Tatacara
Midodareni biasane dilakoni wayah 18.00 nganti wayah 24.00, calon penganten ora oleh turu. Arep
nglakoni midodareni ana wejangan-wejangan lan donga-donga lan kekarepan sing disimbolke karo: 1)
Sak pasang klemuk sing diiseni bumbu pawon, empon-empon, lan 2 bangun tulak digawe nutupi klemuk.
2) Sak pasang kembar mayang (dipasang ing kamar penganten). 3) Sak pasang kendi sing diisi banyu suci
lan cucuke ditutupi karo godong dadap serep, mayang jambe, godhong suruh sing diwenehi karo kapur. 4)
Lengser sing diiseni godhong pandan sing wis dirajang, parutan kencur, laos, jeruk purut, lenga wangi,
lengser iki diseleh ing ngisor dipan supaya panggonane ambune wangi.
Sawise bubaran midodareni pas wayah 24.00 calon penganten lan kulawargane bisa dhahar yaiku:Sega
gurih, ingkung, sambel pecel, sambel pencok, lalapan, krecek, roti tawar, gula jawa, kopi pait, teh pait,
rujak degan, karo lampu ublik lenga kelapa gawe lampune
2. Adicara Inti
a. Jonggolan
Tekane calon penganten kakung ing panggone calon maratuwa. Njonggol bisa kasebut
ngetokke, duweni tujuan yaiku nunjukke calon penganten kakung kanthi keadaan sehat lan
slamet, lan atine wes manteb kanggo ngrabi calon penganten estri. Suwene ing omah calon
penganten estri, calon penganten kakung amung ngenteni ing emperan lan disuguhi banyu putih
wae.
b. Tantingan
Bapak lan ibune calon penganten estri nekani calon penganten estri ing njero kamar
nakoni kemantepan atine kanggo mbangun bale wisma, mangka calon penganten estri mau
nyatakake ikhlas nyerahake sak kabehe marang wong tuwo, nanging ngajukke panyuwunan
kalian bapak kanggo nggolekake “kembar mayang” kanggo syarat mantenan.
c. Mudhune Kembar Mayang
Loro kembar mayang kasebut diwenehi jeneng dewandanu lan kalpandanu. Dewandanu
duweni arti wahyu pengayoman, maknane yaiku penganten kakung bisa nguwenehi pengayoman
lahir batin kanggo keluargane. Kalpandanu asale saka tembung kalpa yaiku sing duweni arti
wahyu dadi maksude yaiku wahyu kelanggengan yaiku uripe mbangun bale wisma langgeng
selawase urip.
Gladhen 1
Coba kerjakna kanthi cara klompok, andharna nile lan makna kang
kinandhut sajrone prosesi tradhisi upacara temu manten kasebut
saka sumber internet, kalawarti, buku lan sapanunggalane!
Menehi Pamawas, Crita, lan Anggone Komentar Tumrap Sawijine Prastawa lan
Kagiyatan
Menehi pamawas, crita, lan anggone komentar tumrap sawijine prastawa lan kagiyatan
tartamtu mau nggunakake tetembungan lan basa kang tumata sing kalebu sajrone teknik micara.
Micara kanggo nglaporake, menehi informasi ditindakake nalika pawongan kasebut nduweni
pepenginan kanggo:
1. Nuwuhake pangerten tumrap samubarang
2. Nemtokake gegayutan antarane samubarang tartamtu
3. Ngandharake sawijine proses
4. Nggancarake sawijine tujuwan utawa ngandharake sawijine tulisan
Apa wae tujuwan kang kudu digayuh sajrone lingkup pamicara, luwih dhisik kudu ana
rencana kang wis disusun. Mula saka iku ana babagan kang kudu digatekake ana ngisor iki:
Coba goleka upacara tradhisi kang ana ing daerahmu kang isih
misuwur, banjur jlentrehna pesan kang kinandhut sajrone
upacara tradhisi kasebut kang gayut karo panguripan saben
dinane!
Laporan Pengamatan
Upacara Tradhisi Temu Manten
Gladhen 5
Coba karo anggota klompok sing wis dibagi, goleka upacara tradhisi
sing isih diugemi ing papan panggonmu banjur andharna saka
piranti lan bahan kang digunakake banjur andharna gunane kanggo
apa, kepriye prosesi upacara tradhisine, banjur andharna makna,
nile kang kinandhut sajrone prosesi.
BAB III
TEKS PEWARA/ PIDATHO
A. Panatacara
1. Olah swara: logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten blero/bindheng, membat-
mentuling swanten, kajiwa.
2. Olah raga lan olah busana:
Olah raga sapta-ma:
2. Wicara Panutup
Para rawuh ingkang minulya kados sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila
sampun dumugi pethiting titi laksana. Kula sakadang ingkang dherekaken tumapaking
adicara ndhereka mangayubagya dhumateng risang penganten, sageda ing mangke
manggih kamulyan sarta karaharjan. Sarta ngaturaken agunging panuwun dhumateng
Bapak......., bilih kula sakadang sampun pinitados ndherekaken lumampahing
titilaksana pawiwahan Dyah Ayu ........... kaliyan Bagus ........... Kalamun anggen kula
nindakaken wajib wonten tuna dungkaping atur miwah solah bawa, cicir cewet adamel
kuciwa, keparenga paduka ingkang hamengku karsa miwah para tamu paring
pangsaksama. Nuwun.
Wasana Wasallamu’alaikum wr. Wb.
BAB IV
DRAMA
Drama mujudake seni pertunjukan sing nampilake lakon (paraga) ing pentas
(panggung)
Jenis-jenis drama:
1. Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedih)
2. Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu
Unsur-unsur drama
1. Unsur Intrinsik
Naskah/skenario
Teks sing isine kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga
Paraga
Wong sing bakal meragakake drama
2. Unsur Teateral
Paraga kudu nguwasani papan pentas/panggung
3. Unsur budaya
Budaya sing ana ing masyarakat sakiwa tengene pentas
4. Unsur Kaendahan (estetika)
Unsur sing ana gegayutane karo rasa kaendahan lan kreativitas.
Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama yaiku.