Tugas Pengganti Tatap Muka Bahasa Jawa Kelas Xi
Tugas Pengganti Tatap Muka Bahasa Jawa Kelas Xi
Tugas Pengganti Tatap Muka Bahasa Jawa Kelas Xi
BAHASA JAWA
KELAS XI SEMUA JURUSAN
DIKUMPULKAN KETIKA MASUK TANGGAL 3 APRIL 2020
(BOLEH DIKETIK, BOLEH TULISAN TANGAN)
CARIYOS 1
PRABANDARI MURIDKU
Dhening: Nini Klenyem
Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan
seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku
paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh
sing padha mbujang.
Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya
wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula
ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.
Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba
bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen
rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.
Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR
saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi
takon :
“Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ““
“O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng
Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ““ Pitakonku marang bocah kuwi.
“Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan
mrika ““
“Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh
banget”.
“O …. inggih matur nuwun pak” kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari
K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku
mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi
bocah lanang.
Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku
ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.
Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula
kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :
“Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi”.
“Inggih, pak”. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.
Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal
ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:
“Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ““
“Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning
janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke”.
“Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak”.
“Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe”. Sarehne aku wong kost, mangka
manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.
Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :
“Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ““
“Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon”.
Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh
kuwi.
Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :
“Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak”.
“Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu”. Embuh krungu embuh ora, aku
kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku
dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.
Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot
wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.
Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha
Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko
Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.
Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit
ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh :
“Mirsani bal napa pak “ Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku.
“Inggih …., lha punika badhe tindak pundi ““ Wangsulanku kanthi basa alus.
“Wih …. kalih muridhe kok basa ta pak guru ““ Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan
nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling :
“Ya …… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ““
“Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak” wangsulane karo nggeguyu aku merga
pangling :
“Kosik !….” kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke.
Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko aku
kandha:
“Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik”. Prabandari mung mesem karo
manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja.
Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong pacaran kae. Aku
ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan
dadi rame. Tekan njaba aku nawani dheweke :
“Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih”.
“Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki”.
“Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh”. Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak
dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari
krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi
mesem manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.
Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase,
banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon :
“Gawe apa Ndari ““
“Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken”. Aku ngiling-
ilingi karo ndumuk njur kandha :
“Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !” Kandhaku karo nyangklek neng cedhake :
“Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun berkeluwarga
utawi krama, kula kadho ta sampun, pak”.
“Ah …. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ““
“Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok “. Wangsulane Ndari karo
nyekikik mandeng aku.
Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo
kandha lirih :
“Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri”. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing
diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake
rendane neng tase.
Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem, ….. esem
sing kebak makna jero mungguhing atiku.
Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku, unen-unen kuwi
mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.
Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya
mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku “
Ah embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar sekolah
keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske
murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem,
ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku.
Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.
Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak
bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing
ditanggapi dening Ndari kanthi bungah.
Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas
banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong
bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara …. nrangkel ….
ngrantes ….., ning aku ora bisa apa-apa.
Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan.
Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe …. nggatekke …. sudi apa aku
mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus “
Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana klas ngadhepi bocah-
bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah
ngedohi dheweke.
Senajan sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan
aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing
padha ngerti, lan ya ora ana sing mamitke.
Dina Jum”at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya
bocah bagus kuwi.
Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki
tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus:
“Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari “ Wangsulanku entheng .
“Inggih …. wonten punapa ““
“Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, sapriki
dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah”.
“O …. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ““
“Kula pak “, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju libur”.
Dheg ….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku :
“O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi”. Wusana bocah bagus kuwi njur pamit
bali.
Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake
banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine.
Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen
nganti kelangan cah ayu Ndari.
Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng
Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.
Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu,
aku bakal njaluk pangapura.
Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus
kamase Ndari, dhek teka mamitke kae.
Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku :
“Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga
adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun ma”em, pak. Mangga
ta, pak , kula aturi ngendikani !”
Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh
neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon :
“O inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ““
“Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari.
Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun
dhawuhi nglajengaken sinau wonten mrika”.
“O ngaten ta, dhik” Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh :
“Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya
sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan
garapanipun Ndari”.
“O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem”. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis
metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak …, aku kaget. Merga raine Ndari sing
pucet banget …. gek bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo
kumlesik ing kupinge aku takon :
“Ndari, kowe lara apa ““
“Sakit manah” wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake
ngungkurake aku.
Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor
bantal.
Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi
dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene.
Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe.
Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara
nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono
mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.
Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan
keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot,
aweke tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok :
“Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek mari ya
Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget”. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-
kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk
ngapura. Ndari njur takon lirih :
“Kok pirsa, pak ““
Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak
deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :
“Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti
rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene tresnaku”.
Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan
anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku
gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha :
“Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti”.
“Ah mboten dados punapa dhik” wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro,
aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare :
“Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen”. Saka kamar ora
keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane.
Lumakune taun ora rinasa.
Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras
ngresepi segere hawa esuk.
Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu
jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero
inisial jenengku.
(Kapethik saking: http://cerkak-jawa.com/?tag=nini-klenyem)
ANALISIS ISI LAN STRUKTUR CERKAK
1. Irah-irahanipun menapa?
..........................................................................................................................................
2. Paraganipun sinten kemawon?
..........................................................................................................................................
3. Wewatekan para paraganipun kados pundi?
..........................................................................................................................................
4. Aluripun menapa?
..........................................................................................................................................
5. Sudut pandang ingkang dipun-angge pengarang menapa?
..........................................................................................................................................
6. Latar (setting) papan, wektu, lan swasananipun menapa?
..........................................................................................................................................
7. Pitutur/piwulang (amanat) ingkang saged dipunpendhet menapa kemawon?
..........................................................................................................................................
CARIYOS 2
ABOTING SESANGGAN
Dhening : Nini Klenyem
Pak Setro Glendhoh sawise omahe ambruk nalika udan barat sesasi kepungkur, saiki dikon manggon
emplek-emplek kandhang kayu nggone Wak Haji Ali ing samburine pawon. Ya pancen senajan mung
kandhang kayu, ning wong duweke wong sugih, mula ya pengkuh lan brukut.
Ning sing jeneng kandhang kayu, mesthi wae reget lan sawange ya pol. Nalika arep ngenggoni,
nganti sedina pak Setro, bojone, direwangi Slamet anake sing wis jejaka cilik kuwi olehe reresik.
Nalika wis resik lan tumata, pak Setro arep nglebokke amben lan babragan, ya mung kuwi sing isih
isa di alap, merga kabeh wis ringsek kebrukan omah. Nalika Wak Haji weruh njur aruh-aruh :
“Ya wis kuwi wae sing dilebokke Tro, mengko omahku ndhak reget. Nek ming nggo mangsak,
mengko tak silihi kuwali karo cowek saka pawonku. Ning ya kuwi Tro, kowe manggon neng nggonaku iki
senajan gratis, nek aku nduwe gaweyan kowe ya kudu tumandang, ora kok enak-enakan ngono wae.”
“Inggih Wak Haji, kula inggih rumaos sanget nek penjenengan tulung.” Wangsulane pak Setro
angluh. Sikap lan tembunge Wak Haji wis nglarani lan nyenggol perasaane sing alus.
Gandheng nyatane ya mbutuhake kanggo ngeyub, mapan sa anak bojone, wusana tembung-tembunge
Wak Haji mau mung diulu ngono wae. Batine ngudarasa:
Muga-muga suk ana wong welas, senajan mung nunut ana nggubug, ning sing dinunuti kuwi wong
sing duwe tepa selira, karo wong ora duwe kaya dheweke.
Pak Setro mono wonge lugu, jujur tur ndenenakake. Sejatine pak Setro mono kasinungan rupa bagus
…. gagah …. tur kulite ya kuning resik, mula ora mokal dhek enom keparaban Glendhoh, mergane
glendhoh-glendhoh bagus. Ya merga wong ora duwe, mangka pegaweyane buruh macul, buruh ngaritke
sapi, buruh leb sawah, dadi baguse ya ilang. Apa maneh awake ora diopeni.
Duwe bojo Diyem bocah tunggal sedesa, sing wiwit cilik ya wis padha dene tepung lan srawung,
semono uga wong-wong tuwane. Ya saka karepe wong tuwa-tuwane kuwi Glendhod dijodhohake karo
Diyem.
Biyen ya awit padha dene wong ora duwe kuwi anggone padha bebesanan. Saiki wis tuwa, di jenengi
Setro Pawiro, ning sidane ya padha ketengen ngundang Setro Glendhoh. Pinaringan anak lanang mung siji
ndhil dijenengi Slamet. Mesthi karepe ya ben slamet awake lan slamet saka tumindak dudu. Setro Glendhoh
lan bojone nggatekke banget karo anake, sing saiki wis S.T.M kelas telu kuwi. Pengarep-arepe yen anake
pinter ben bisa payu golek gaweyan sing murwat, ora kaya wong tuwane sing salawase urip kok mung
buruh-buruh kasar, lan dadi kongkonane wong.
Mula senajan direwangi mlirit-mlirit olehe mangan, ning kebutuhan sekolahe Slamet tansah di
dhisikake. Slamet dhewe ya bocah sing mituhu lan nurut karo wong tuwa. Sekolahe lancar, wiwit SD tekan
S.T.M tansah entuk beasiswa merga pintere. Neng sekolahan ya disenengi dening guru-guru. ketang pinter,
nggatekke yen diwulang, Slamet tansah rewang-rewang gaweyane bapak lan embokne. Kaya dene saiki
dibubuhi reresik njaba njero omahe Wak Haji, yen weruh bapakne wis nyapu njaba, Slamet ya gage reresik
njero. Sing kuwi klebu gaweyan Wak Haji, sing pak Setro kudu nandangi saben dina tur ora dibayar.
Pancen sapa ora ngerti lan ora weruh, yen Haji Ali kuwi neng desa kono wis kawentar cethil pokil lan
tegelan.
Dhuwite sing dipotangke kudu mundhak, ning nek wis dadi bandha aja nganti kesrempil wong liya.
Sawiji dina nalika Slamet bali saka sekolah nyedhaki bapakne sing lagi nglinting udut karo kandha :
“Pak, pak guru mau dhawuh je, yen dhuwit pendaftaran ujian, batas wektu keri telung ndina klebu
dina iki. Dadi yen rong ndina maneh iki aku ora bisa pasok dhuwit kuwi, aku ora kepareng nderek ujian.”
Pak Setro kaget gage mangsuli
“Le, kowe kok ora kandha adoh sadurunge ta “ dadi bapak bisa golek utangan.”
“Wong aku ya wis kandha simbok je, pak, tak arani nek wis kandha karo bapak.”
“Durung je, le, paling-paling mbokmu rak lali. Ya wis le, mengko tak rembugan karo mbokmu.”
Bubar kandha bapakne, Slamet terus njupuk bal, jare arep latihan kanggo tandhingan bal-balan suk emben
antar sekolah.
Saungkure anake, pak Setro nggoleki bojone, tinemu lagi nguntingi rencek kayu ben ora mabur-
mabur. Kandhane pak Setro :
“Kowe wis bisa nggolekke dhit nggo dhaftarake ujian anakmu pa mbokne ““
“Durung !, gek dhuwit ka ngendi ta pakne, buruh ngumbahi neng tangga, janji entuk ya njur mlebu
kendhil apa kwali ming sak cemplungan.”
“Haning kok kowe ki ming meneng wae, ora kandha karo aku mbokmu “
“Aku mikir pakne, paling Slamet ya wis kandha karo kowe.”
“Ha ya lagi iki mau mbokne, wah nek ngene iki aku rakya bingung.”
“Mbok coba pakne, jawab utang Wak Haji Ali, sapa ngerti nek diparingi.”
“Yoh tak cobane ya mbokmu, soale batas wektune ki mung keri rong ndina. Nek ora isa pasok rakya
mesakake Slamet, ora oleh ujian.”
Nalika Wak Haji Ali lagi ngisis neng kursi goyang ngarepan, pak Setro nyedhak njur lungguh ing
jobin ngarepe.
Krungu klesete pak Setro, Wak Haji sing lagi liyer-liyer ngantuk kuwi mak gragap njur melek.
Weruh pak Setro wis nglesot neng ngarepe, gage pitakone.
“Ana apa pak Setro ““
“Anu Wak Haji nyuwun pangapunten badhe matur.” Kandhane lirih.
“Wis ta gek ndang kandha, mundhak ngganggu olehku ngantuk, wis liyer-liyer je iki mau.”
Kandhane sajak ora keduga.
“Wak Haji, keparenga kula nyuwun ngampil arta satus ewu, badhe kangge ndaftaraken ujian.”
Kandhane pak Setro ngarah-arah.
“Pak Setro, dhuwit semono kuwi mbesuk olehmu bakal nyaur saka ngendi “ Aku ra ngandel nek
kowe isa nyaur. Mbok uwis nek ra isa mbayar, ya ra sah ujian. Aku ra bisa ngutangi, pak Setro.”
Kandha ngono Wak Haji ninggalke pak Setro sing isih nglesot ana jobin. Atine banget kelara-lara
olehe dipal lan disepelekake wong sing dingengeri.
Kanthi abot jumangkah tumuji ing papane kandhang kayu, nemoni bojone. Eman …. bojone wis
lunga golek buruhan gaweyan.
Wayahe reresik sore, pak Setro nyapu njero karo kejudhegan mikir, saka ngendi olehe dhuwit kanggo
ndhaftarke ujian anake.
Weruh ing ngisor meja kenap ana HP wis pirang-pirang ndina gumlethek, karo pak Setro njur
dijupuk disak dikira wis ora kanggo. Batine, e mbok menawa didol isih payu nggo keklumpuk mbayar
anake. Rampung nyapu, wayahe bubar surup. Pak Setro eling yen Karmin tanggane bukak warung loakan
neng pojok desa nganggo kios emplek-emplek. Sing di adhep pepak apa wae ana, kaya ta : senter, radio,
kompor, HP, pokoke apa wae, ning barang bakas sing wis didandani. Pak Setro teka mrono, ngetokke HP
sing disak karo tawa.
“Nek barang kaya ngene iki kowe gelem nuku pira, Min ““ Karmin nampani njur diiling-ilingi.
“Wah niki batune empun mati Lik, mulane mboten saget urip. Ha Lik Setro betah arta pinten ““
“Nek butuhku dhuwit kuwi akeh, wong arep nggo ndhaftarke ujian Slamet. Nek satus ewu ndhak
kowe gelem, Min ““
“O nek semonten nggih purun Lik, tur kula nggih mesakke Slamet, nek mboten saget pasok ndhak
mboten angsal ujuan.”
“Karang jare ya ngono kuwi je, Min.” Sawise nampani dhuwit, pak Setro njur gage mulih, dhuwit
njur diwenehake Slamet, dhasar sesuk kuwi dina terachir mbayar pendaftaran ujian.
Atine pak Setro lega. Sing wadon ora perlu dikandhani, wong nyatane wis rampung, butuhe dhuwit
wis kecekel terus dipasokke. Mulih saka sekolah, Slamet ya wis seneng merga bakal melu ujian. Olehe sinau
saya disrempeng, eling-eling ujian mung keri sepuluh dina maneh.
Let telung dina Wak Haji kelingan yen nduwe HP, sauran saka wong utang sing ora bisa nyaur. HP
lagi olehe tuku telung sasi patang atus ewu, kepeksa nggo nyaur, merga selak dibedhag Wak Haji sing dina
kuwi wis kudu nyaur karo bungane. Merga lali, rana rene olehe nggoleki. Wusana takon pak Setro.
“Kowe weruh HP ku Tro ““
“Mboten Wak Haji.” Wangsulane pak Setro semu kedher, merga goroh ngrumangsani yen ngedol HP
ne. Ya merga kepepet tur diarani barang wis ora kanggo, merga kumlarah wis pirang-pirang dina.
Nalika Wak Haji reke rusak, njur digawa neng nggone Karmin sing biasa ndadani. Wong cethil ….
owel yen tuku anyar. Karo ngenteni olehe ndandani, Wak Haji ndeleng-ndelelng dagangane Karmin.
Sanalika weruh HP banjur dicekel diiling-ilingi terus takon :
“Iki rega pira Min ““
“Tigang atus ewu Wak Haji.”
“Olehmu nuku duweke sapa, kowe isih kelingan ““ Wak Haji ndhedhes.
“Enten napa ta Wak Haji “
“Aku ora pangling Min, yen HP iki duwekku, mula tak jaluk.” Kandhane njur disak.
“Wah ampun Wak, niku angsal kula numbas, teneh kula bangrut, nggih mang tumbas mboten
semonten, uger buk mawon kula caoske.”
“Ora Min, sakjane sapa sing mbok tukoni ““
Wangsulane Karmin semu wedi :
“Anu, Wak …. pak …. pak Setro Glendhoh.”
“Ha “ Setro Glendhoh “ Wah jan ora urus tenan ….. wis ditulung oleh manggon kok isih tegel
maling.” Nuli kandhane marang Kamin :
“Wis Min, barang iki oleh apa ora tak gawa, iki duwekku, iki arep tak nggo bukti awit aku arep lapor
polisi.”
“Ampun Wak ampun ….. dijaluk nggih angsal ning mboten sah lapor polisi.” Kandhane Karmin
kiwah-kiwih wedi, ning Wak Haji wis bablas lunga, ora nggubris dicelak-celukke Karmin.
Tujuane mung siji, saka nggone Karmin terus neng kantor polisi lapor kanthi nggawa bukti HP.
Kira-kira jam sanga bengi, kandhang kayu papane padha turu pak Setro Glendhoh saanak bojone
dithothok uwong. Bareng ditoni dening pak Setro lan Slamet, tamu loro mau kandha yen saka kepolisian.
Entuk tugas saka atasan nek dikon methuk pak Setro wektu kuwi uga, dene tamu mau banjur nuduhake surat
tugas.
Wong loro anak bapak kuwi kaget. Gage pitakone Slamet :
“Ada urusan apa, pak ““ Apa salah bapak saya ““
“Saya tidak tau dhik, saya harap bapak sekarang bersama kami.”
Pak Setro ora bisa suwala, banjur digawa tamu loro sing jare saka kepolisian kuwi. Tamu kuwi mung
numpak motor, pak Setro diapit ana tengah. Saungkure polisi nggawa bapakne, Slamet ngebrukke awake
neng ngamben karo crocosan luhe, sambate :
“O ya talah gek bapak kuwi lupute wae apa ta mbok, kok dijupuk polisi“ Wangsulane mbokne sing
wis nggembleh wiwit mau.
“Ya embuh ta le, simbok ya ora ngerti. Kok ana-ana wae ta lelakone dhewe iki. Wiwit omahe dhewe
ambruk kae jare ditulung uwong, ning baune dhewe ya dienggo tampa leren.” Kandhane mbokne karo
senthak-senthuk nangis. Atine mbok Setro angles …… pepes, ngelingi nasibe sing kelara-lara.
Kedaya sewengi mung nangis terus tur blas ora ngliyep, mbok Setro sing wis saguh saben esuk nyapu
latare pak Lurah mau, rekane arep metu tumandang gawe. Ning lagi wae jumangkah mak klemprek mbok
Setro tiba terus semaput.
Weruh mbokne meneng wae, Slamet nangis nggembor karo undang-undang mbokne. Tangga-tangga
sing krungu padha teka ngaruhake klebu bu Lurah sing daleme mung rong surup saka omahe Wak Haji.
Bareng dikemonah wong akeh mbokne njur eling, Slamet banjur crita anggone bapakne di jupuk polisi. Sing
krungu padha trenyuh atine. Tekan ndalan bu Lurah matur garwane. Minangka Lurah sing tanggung jawab
marang wargane, pak Lurah ngaruhke neng kantor polisi. Sawise kondur, njur ngendika karo sing putri :
“Bu …., pak Setro pancen kleru lan luput, ning kabeh mau merga saka aboting sesanggan, abote
tanggung jawab nggolekke dhuwit Slamet nggo mbayar pendhaftaran ujian. Jarene polisi, pak Setro adol HP
olehe ngopeni neng ngisor meja kenap, wis pirang-pirang ndina kumlarah neng omahe Wak Haji. Sarehne
pak setro ora tau weruh wak haji nggunakke HP, mula banjur diopeni didol, jare payu satus ewu, pas nggo
mbayar pendhaftaran ujian kuwi. Nalika ditakoni polisi, pak Setro njur crita apa anane.” Krungu critane
garwane, bu Lurah krasa welas, mula nuli ature:
“Mbok wis Pak, Slamet wae diparingi dhuwit telung atus ewu apa pira, diwenehake Wak Haji, Wak
Haji dikon nyabut laporane. Kon kandha, nek Slamet wis isa ngijoli merga entuk utangan. Lan sabubare
kuwi Pak, mengko penjenengan tak aturi ngendika karo Wak Haji, yen pak Setro Glendoh dijaluk manggon
ing omahe dhewe, dikon nunggu omah sing kanggo karang taruna kuwi. Saiki rak wis digawekke neng
cedhak bale Kalurahan” Pak Lurah manthuk-manthuk njur ngendika.
“Ngono ya becik, bu.” Ngendikane Pak Lurah.
Tenan, usule bu Lurah dicakake. Dhuwit peparinge pak Lurah marang Slamet ditampani Wak Haji,
tumuli menyang kantor polisi nyabut laporan. Merga polisi wis dicritani mungguh tekone Wah Haji sing
medhit …. cethil lan tegelan tur ora lumrah kuwi, mula nalika ana kantor polisi, karo polisi sing jaga
ditakoni :
“Wak Haji, pak Setro iku pernah napa kalih sampeyan ““
“O sanes napa-napa pak. Piyambake niku tiyang mlarat, sing tigang wulan kepengker omahe ambruk,
empun kula tulung manggen teng kandhang kayu kula, kok taksih purun maling.” Kandhane Wak Haji
songar.
“Nek saben dina nyambut gawe teng daleme niku, sampeyan bayar mboten ““ Ngono pitakone polisi.
“Ha enggih mboten, wong empun entuk nunut manggon kok.”
“Ha niki nulung ning jenenge onten pamrih Wak Haji, sampeyan ngalap bau lan tenagane. Nek
nulung niku nggih sing eklas, merga gaweyan sampeyan, pak Setro nganti mboten kober golek-golek
buruhan ngge mangan. Rak mesakke ta ““
Wak Haji ora bisa mangsuli. Bareng wis dielingke akeh-akeh, anggone nyabut laporan dililani, ning
Wak Haji kudu mbayar administrasi penahanane pak Setro. Batine pak Setro : isih bathi akeh aku, ngono
kira-kira.
Metu saka kantor polisi, Wak Haji gage geblas nganggo motore, dene pak Setro mlaku saktitahe.
Polisi sing padha weruh gedheg-gedheg. Let seminggu, pak Lurah haji Darmanto mara neng omahe Wak
Haji Ali, surasane nembung yen pak Setro saanak bojone bakal diboyong pak Lurah, dikon nunggu
ngenggoni omah siji wutuh sing tilas kanggo kegiatan-kegiatan pemudha, mergane saiki wis digawekake ing
sisihe Bale Desa. Gelem ra gelem Wak Haji mung kudu muni inggih, merga karo pak Lurah. Dina kuwi uga
pak Setro boyongan, Wak Haji saiki ketekuk ringkel, kabeh gaweyan ditandangi dhewe. Nalika padha
jejagongan mbok Setro kandha :
“Ya amarga olehmu laku dudu ning merga kepeksa ya pak, awake dhewe saiki ndherek pak Lurah
kepenak, ora diperes-peres baune dadi kowe bisa golek pangan.”
“Iya mbokne, aku kepeksa mlaku dalan sing kleru, merga saka aboting penandhang lan sesanggan.”
(Kapethik saking: http://cerkak-jawa.com/?tag=nini-klenyem)
1. Irah-irahanipun menapa?
........................................................................................................................................
2. Paraganipun sinten kemawon?
........................................................................................................................................
3. Wewatekan para paraganipun kados pundi?
........................................................................................................................................
4. Aluripun menapa?
........................................................................................................................................
5. Sudut pandang ingkang dipun-angge pengarang menapa?
........................................................................................................................................
6. Latar (setting) papan, wektu, lan swasananipun menapa?
........................................................................................................................................
7. Pitutur/piwulang (amanat) ingkang saged dipunpendhet menapa kemawon?
........................................................................................................................................
Tugas 2. Kapadosna ceriyos cekak (cerkak), saking maneka sumber (saged saking internet,
kalawarti/majalah/koran) temanipun bebas. Dipun kumpulaken kanthi wujud ketikan!
................SUGENG MAKARYA................