Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
595 tayangan26 halaman

Cerkak

Unduh sebagai pptx, pdf, atau txt
Unduh sebagai pptx, pdf, atau txt
Unduh sebagai pptx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1/ 26

Pengertian

Cerkak yaiku sawijining karya sastra


awujud gancaran kang
ngandharake sawijining kedadeyan
ceka utawa
kang
prastawa, kang tembung-tembunge
k ora
luwih saka 10.000 tembung.
Titikane Cerkak
Titikane cerkak yaiku:
1. Critane cekak lan padhet
2. Alure mung siji
3. Basane mentes
4. Prekara kang diceritakake mung siji
5. Cacahe paraga mung sithik
6. Paraga kang diceritakake ora nganti owah nasibe
7. Menawa ditulis antarane mung 3-10 kaca
1. Unsur Intrinsik

Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun


cerkak saka sajrone cerkak lan cacahe ana 8, yaiku:
1. Tema 5. Sudut Pandang
2. Paraga 6. Lelewaning Basa
3. Watak 7. Amanat
4. Setting 8. Alur
Unsur Intrinsik
Tem Wata
a k

Paraga Setting

Sudut
Amanat
Pandang
Lelewaning
Alur
Basa
a. Tema
Tema yaiku sing dadi underane utawa inti ing prakara
crita. Tuladhane:
- Kamanungsan
- Kasusilan
- Kabudayan
- Sesrawungan
- lsp
b. Paraga (Tokoh)
Paraga yaiku pelaku kang mbangun
cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku:
a. Paraga pokok (tokoh utama)
b. Paraga kang sipate mbyantu (tokoh
pembantu)
c.Paraga tambahan (tokoh figuran)
Lan miturut watake :
d. Paraga kang ala (tokoh
antagonis)
e. Paraga kang becik (tokoh
protagonis)
c. Watak/penokohan
Yaiku carane pengarang nggambarake karakter
paragane, kayata tandha-tandha fisik , tuladhane:
- Dhuwur - Lemu
- Pesek - Kriting, lsp
Lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni
paraga, tuladhane:
- Galak - Sumeh
- Grapyak - Pinter, lsp
c. Watak
Teknik kanggo nggambarake watak ana 2, yaiku:
1. Teknik analitik : watak paraga dijlentrehake
kanthi langsung
2. Teknik dramatik : watak paraga dijlentrehake kanthi
ora langsung kayata nggambarake:
- bab tindak-tanduke tokoh
- lingkungan kauripan tokoh
- tata basane tokoh
- dalan pikirane tokoh
- dicritake dening tokoh liyane
d. Setting
Setting yaiku papan, wektu kedadean, lan kaanan
crita, meliputi:
Papan: Wektu:
- Pasar - Sawah -Esuk - Awan
- Dalan - Kantor - Sore - Bengi
Kaanan/Suasana:
- Tegan - Lucu
g - Haru
- Sedih
e. Sudut Pandang
Sudut pandang yaiku ing ngendi pengarang mapanake
dheweke ing cerita.

Sudut Pandang cacahe wonten loro, yaiku :


- Wong kapisan  Aku
- Wong katelu  Dheweke
f. Lelewaning Basa
Lelewaning basa yaiku basa kang digunakake
pengarang ing crita. Lelewaning basa (majas) jenise
wonten katah, yaiku :
- Hiperbola, - Paradoks
- Personifikasi, ,
- Metafora, - Repetisi,
- Ironi, - lsp
g. Amanat

Amanat yaiku gagasan utawa pesan sing pengin


dikandhaake pengarang marang kang maca utawa
ngrungokake cerita.
h. Alur / Plot
Alur yaiku reroncening kedadeyan kang dironce lan
direngka kang mernani lakuning cerita.
Alur cacahe ana 3 alur yaiku :
1. alur maju/progresif,
2. alur mundur/regresif,
3. alur campuran (alur maju & mundur)
h. Alur
Alur kaperang dadi 5 yaiku :
1. Eksposisi
- ngenalake para paragane, menehi
informasi ngenani prakarane
2. Komplikasi
- wiwit ana masalah-masalah
3. Krisis
- masalah kang dialami paraga sangsaya tambah
4. Klimaks
- pucuking masalah, nasib paraga ditentokake
5. Resolusi
- masalah-masalah wis ana
karampungane, lan nasib para
paragane wis cetha
2. Unsur Ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun


cerkak saka sanjabane cerkak, ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidikan, lan
5. Budaya
APRESIASI CERKAK
Yaiku kagiyatan ngamati lan menehi pambiji marang wose
crita cerkak kang arupa piwulang/werdi lan ngamot nilai-
nilai, kayata :
1. Nilai moral
2. Nilai agama
3. Nilai sosial
4. Nilai budaya
5. Nilai pendidikan
6. Nilai estetis
7. Nilai etika
8. Nilai kamanungsan
9. Nilai politik
Sinopsis yaiku ringkesan isine crita.

Carane gawe sinopsis:


1. Maca naskah asline
2. Nyatete gagasan-gagasan pokok kang penting.
3. Nulis ringkesan adedhasar gagasan-gagasan pokok
kasebut
4. Migunakake ukara kang jelas lan gampang
dimangerteni
5. Monolog lan dialog cukup ditulis isine bae
6. Sinopsis ora entuk nyimpang saka crita asline
NARASI
Yaiku karangan kang ngandharake lelakon utawa
kedadeyan anut urutan wektu, ana paraga, latar lan
alur.
Carane gawe wacana narasi :
1. Nemtokake tema
2. Nemtokake tujuan karangan
3. Nglumpukake bahan karangan
4. Nata rerantaman/cengkorongan karangan
5. Ngembangake rantaman karangan
NARASI
NARASI EKSPOSITORIS NARASI SUGESIF
⚫ Njembarake wawasan ⚫ Mbeberake makna kang
⚫ Mbeberake katrangan bab sinandhi
prastawa ⚫ Nguripake imajinasi
⚫ Adhedhasar nalar ⚫ Nalar mung sinandhi
⚫ Basa informatif ⚫ Basa figuratif/ ora baku
⚫ Tembunge denotatif ⚫ Tembunge konotatif
⚫ Tuladha : biografi, ⚫ Tuladha : novel, cerkak,
autobiografi, kisah dongeng, roman, lsp.
pengalaman
Tuladhane Cerkak
Gara-gara Wedi Kiamat
Teri bakar, sega jagung, lan gudhangan iku panganan
kesenengane Sutini. Sutini yaiku bocah 29 taun sing rada
nggong nanging sregep. Dheweke durung duwe bojo.
Manggone neng omahe mbahe.
Ing sawijining dina, Sutini bingung banget. Kabeh
barange diringkes lan diwadahi tas, plastik, lan kerdus.
Wiwit isuk nganti bengi Sutini mung ngurusi iku mau,
kabeh sembarang kaler kudu bisa diwadahi.
Nonton tingkahe Sutini sing saya ndadi, simbahe
mikir yen putune wes edan. Simbahe langsung lunga
menyang omahe mas Darma. Simbah ngongkon mas
Darma supaya nggolekake tamba kanggo Sutini.
Esuke mas Darma lunga menyang Solo nggolek tamba marang
kancane, Parman. Pranyata Parman ya ora ngerti. Nanging
bojone sing ngerti. Jebule pakdene bojone Parman iku dhukun
sing bisa ngobati lara stres. Uwonge katon serem, klambine
sarwa ireng, akike akeh tur gede-gede lan kalungan tasbih.
Omahe Sutini disebare kembang ing kabeh pojokane.
Suwe-suwe Sutini malah bingung dewe, nanging ora nggagas.
Paling mung wong edan kesasar. Ora let suwe, simbahe nyeluk
Sutini. Banjur Sutini lungguh ning ngarepe wong aneh iku.
Wong sing aneh iku kemu banyu putih lan disemprotake ning
raine Sutini. Sutini malah mesem marang wong aneh iku.
Ndelok kelakuane Sutini, simbahe saya bingung. Mas
Darma ngusulke yen Sutini digawa menyang RSJ wae.
Wiwitane Sutini emoh diajak lunga saka ngomah, nanging
krana dirimuk simbahe yen arep diajak ning pasar tuku gerih
teri, lagi Sutini gelem.
Ning RSJ, Sutini oleh antrian nomor 56. Sutini saya bingung.
Sutini iku ya ora bisa maca, mulane dheweke ya meneng wae.
Ora let suwe, Sutini disebut. Banjur, Sutini digawa mlebu ing
kamar. Dheweke ditakoni sing aneh-aneh.
Sawise Sutini metu, mas Darma dikongkon mlebu.
Doktere ngendika yen Sutini ora edan.
Sawise tekan omah, Sutini cerita sing sak benere.
Sakjane Sutini mung pengin supaya dheweke lan simbahe
bisa slamet saka kiamat, sing dikabarake ning TV. Simbah lan
mas Darma mung bisa ngguyu wae, ora bisa ngomong.
Trus mas Darma njelaske menawa berita kiamat ing
TV mau mung film sing digawe wong manca. Banjur iku,
Sutini bingung dhewe, amarga kabeh barange wis diwadhahi
kerdus.
Unsur intrinsik :
1. Tema 5. Sudut Pandang
2. Paraga 6. Lelewaning Basa
3. Watak 7. Amanat
4. Setting 8. Alur
⚫Irah-irahan cerkak: Gara-gara Wedi Kiamat
⚫Tema : salah sangka
⚫Paraga lan Watake :
⚫ Sutini : bodho nanging sregep lan teges.
⚫ Mbah : khawatiran lan gampang gupuh.
⚫ Mas Darma : pinter lan seneng nulung.
⚫ Mbah Dukun : kemproh
⚫ Parman : ora retinan
⚫ Pak dhokter : pinter
⚫Latar :
⚫ Panggonan : omahe simbah, omahe mas Darma,
⚫ Wektu RSJ.
⚫ Swasana : awan, bengi.
: menegangkan lan lucu.
GLADHEN!
1. Gawea kelompok kang anggotane 4-5 siswa!
2. Goleka cerkak ing majalah “Panjebar Semangat”!
3. Wacanen kanthi Premati cerkak kasebut!
4. Analisisa unsur intrinsik cerkak kasebut (tema,
paraga, watak, setting, alur, sudut pandang, majas,
lan amanat)
5. Tulisen sinopsis cerkak kasebut!

Anda mungkin juga menyukai