Israèl
Israèl (basa Ibrani מדינת ישראל Medinat Yishra'el, Arab دولة إسرائيل Dawlat Isrā'īl) iku nagara ing Timur Tengah, kang diubengi déning Sagara Tengah, Libanon, Suriah, Yordania, Mesir lan ara-ara wedhi Sinai. Saliyané iku Israèl uga diubengi rong laladan otoritas Palèstina: Lurung Gaza lan Gisik Kulon.
מדינת ישראל (Medīnat Yishra'el) دولة إسرائيل (Dawlat Isrā'īl) | |
---|---|
Motto: — | |
Gunagita: Hatikvah | |
Kuthagara | Tel Aviv (De Facto) Yerusalem (De Jure) 1 |
Brehakutha | Yerusalem |
Jawatbasa | Ibrani, Arab |
Papréntahan | Sistem parlementer |
Reuven Rivlin (ראובן ריבלין) | |
Benjamin Netanyahu (בנימין נתניהו) | |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | ~2% |
Population | |
• Pikira-kira 2013 | 8.134.100 (97) |
• Cacahjiwa 2003 | 6.780.000 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2005 |
• Gunggung | US$145,15 milyar (51) |
• Saben wong | US$22.077 (32) |
Artacihna | Shekel Israèl anyar (ILS) |
Laladan wektu | UTC+2 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+3 |
TLD internèt | .il |
Ing pangertèn Alkitab, Israèl iku arané karajan lor; karajan kidul iku Yehuda.
Kanthi populasi 7,28 yuta jiwa, Israèl minangka siji-sijiné nagara Yahudi ing donya.[1] Saliyané iku, ana uga sawatara golongan ètnis minoritas liyané, yaiku ètnis Arab kang duwé warganagara Israèl, sarta golongan-golongan kaagamaan liyané kaya Muslim, Kristen, Druze, Samaritan, lan sapanunggalané.
Madegé nagara modhèren Israèl dhedhasar konsèp Lemah Israèl (Eretz Yishra'el), sawijining konsèp pusat Yudaisme wiwit jaman kuna,[2] kang uga minangka pusat wewengkon Karajan Yehuda kuna. Sawisé Perang Donya I, Liga Bangsa-Bangsa nyetujoni Mandat Britania tumrap Palestina minangka "nagara wong Yahudi".[3] Ing taun 1947, PBB nyetujoni Pembagian Palestina dadi rong nagara, yaiku siji nagara Yahudi lan siji nagara Arab.[4] Tanggal 14 Mèi 1948, Israèl mroklamasèkaké kamardikané lan iki banjur dadi paprangan karo nagara-nagara Arab ing saubengé kang nulak rencana pembagéyan iki. Israèl sabanjuré menang perang iki lan ngukuhaké kamardikané. Saka perang iki uga, Israèl kasil njembaraké wates wewengkon nagarané ngluwihi wates wewengkon kang ditemtokaké déning Rencana Pembagian Palestina. Wiwit wektu iku, Israèl terus memungsuhan karo nagara-nagara Arab tanggané, njalari perang kang ora lèrèn-lèrèn nganti saiki.[5] Wiwit pambentukan Nagara Israèl, wates nagara Israèl lan hak Israèl kanggo madeg wis dadi pasulayan, mligi déning nagara Arab lan para pangungsi Palestina. Israèl wis nandhatangani perjanjèan damai karo Mesir lan Yordania, nanging usaha perdamaian antara Palestina lan Israèl nganti saiki durung kasil.
Israèl minangka nagara dhémokrasi kanthi sistem papréntahan parlementer lan hak pilih universal.[6][7] Nayakotama Israèl njabat dadi kepala papréntahan lan Knesset minangka badan lègislatif Israèl. Sajeroning bab prodhuk domèstik bruto, ékonomi nagara iki ana ing peringkat angka 44 ing donya.[8] Israèl duwé peringkat Indèks Pembangunan Manungsa[9], kabébasan pèrs[10], lan daya saing ékonomi[11] kang paling dhuwur dibandingaké karo nagara-nagara Arab ing saubengé. Miturut ukum nagara Israèl, kutha krajan Israèl yaiku Yerusalem, (kutha krajan sadurungé kutha Tel Aviv). Sanadyan mangkono badan PBB lan akèh nagara ing donya ora ngakoni.
Pamérangan administratif
besut- Deleng uga Distrik ing Israèl
Israèl iku dipérang dadi 6 dhistrik. Banjur saben dhistrik dipérang dadi sawatara subdhistrik manèh.
Cathetan sikil
besut- ↑ "Israèl". Country Report. Freedom House. 2007. Dibukak ing 2007-07-15.
- ↑ "Judaism". Britannica Online Encyclopedia. Dibukak ing 2008-12-30.
- ↑ "The Palestine Mandate". The Avalon Project. Yale University. 1922-07-24. Diarsip saka sing asli ing 2016-04-21. Dibukak ing 2007-09-06.
- ↑ "United Nations General Assembly Resolution 181". The Avalon Project. Yale University. 1947-11-29. Diarsip saka sing asli ing 2006-10-29. Dibukak ing 2007-08-21.
- ↑ "Arab-Israèli wars". Britannica Online Encyclopedia. Dibukak ing 2008-07-29.
- ↑ Rummel 1997, kc. 257 . "A current list of liberal democracies includes: Andorra, Argentina,..., Cyprus,..., Israèl,..."
- ↑ "Global Survey 2006: Middle East Progress Amid Global Gains in Freedom". Freedom House. 2005-12-19. Dibukak ing 2007-07-01.
- ↑ "Total GDP 2006" (PDF). The World Bank. 2007-07-01. Dibukak ing 2008-03-03.
- ↑ "Human Development Report 2006". United Nations Development Programme. Dibukak ing 2007-07-15.
- ↑ "Worldwide Press Freedom Index 2007". Reporters Without Borders. Diarsip saka asliné ing 2007-10-17. Dibukak ing 2008-02-29.
- ↑ "Global Competitiveness Report 2006-2007". World Economic Forum. 2007-02-14. Dibukak ing 2007-07-15.
Deleng uga
besut
Nagari-nagari ing Wétan Tengah |
---|
Arab Saudi | Bahrain | Irak | Iran | Israel | Kuwait | Libanon | Mesir | Oman | Qatar | Suriah | Turki | Uni Emirat Arab | Yaman | Yordania |