Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
Menyang kontèn

Ereksi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ereksi utawi limrahipun kasebat ngaceng (basa kasar) inggih menika kadadosan mindhak agenging palanangan linangkung ageng tinimbang limrahipun, utawi ugi kasebat kakuning palanangan. Ereksi ugi dados sarat kagem kalancaraning cumbana utawi kawin ing kewan ingkang nggadhahi palanangan kadosta mamalia, lan hemipenis kadosta reptilia. Wonten ing unggas tartamtu, utaminipun kambangan (bebek), ereksi katitik kanthi medaling organ kados déné tabung panjang ingkang asalipun saking kloaka, sinaosa sacara teknis kadadosan menika boten saged kasebat ereksi.

Fisiologi

[besut | besut sumber]

Penis ngandhut tigang struktur awujud tabung ingkang memanjang, inggih mênika awujud kalih corpora cavernosa lan setunggal corpora spongiosa ingkang wosipun uretra. Ereksining palanangan kadadosan nalika rah ingkang mili lan ngêbêki corpora cavernosa jalaran manéka warni rangsangan. Rangsangan kasebat limrahipun jalaran saking rangsangan sèksual. Ananging ereksi ingkang kalampahan ing tiyang jaler ugi saget kadadosan amargi pênêtan (tekanan) saking impes (kandhung kemih) ingkang kêbêk. Ereksi ugi saget dumados kanthi otonom (tanpa sadhar), tuladhanipun tumrap tiyang ingkang nembe tilem ing salebeting fase REM.

Limrahipun, ereksi badhé kapungkasan nalika rangsangan seksual ugi kapungkasan utawi menawi kawontenanipun sampun ejakulasi sperma. Ing antawisipun perkawis-perkawis piawon utawi sesakit ingkang sesambetan kaliyan ereksining palanangan inggih menika priapisme lan disfungsi ereksi. Ereksi priapistik ugi saged kadadosan tumrap tiyang ingkang pejahipun dumadakan (tuladhanipun amargi mejahi piyambakipun sacara gantung dhiri).

Disfungsi ereksi, utawi ugi kasebat impotensi, inggih mênika kawontenan nalika palanangan boten saged ereksi kados limrahipun. Perkawis ingkang njalari disfungsi ereksi saged kapérang dados kalih asipat, sepisan asipat badani (fisik) lan ingkang kaping kalih asipat rokhani (kasarasaning jiwa). Impotensi dados perkawis ingkang boten nyekecakaken tumrap tiyang akathah. Sesakit kasebat saged mantun mawi pangobatan ingkang kalampahan sacara medhis menapa dene alternatif.[ mbetahaken referensi ]