Gerhart Hauptmann
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Gerhart Hauptmann (15 November 1862 – 6 Juni 1946) inggih punika salah satunggaling dramawan Jerman ingkang pikantuk Penghargaan Nobel babagan Sastra nalika taun 1912.[1]
Karier dramawan Hauptmann
[besut | besut sumber]Hauptmann miyos wonten ing Obersalzbrunn, sawijining kutha alit wonten ing Silesia, sapunika Szczawno-Zdrój wonten ing Polen, minangka Gerhard Johann Robert Hauptmann. Piyambakipun minangka putra satunggaling penjaga hotèl Prusia. Saking sekolah désa kalairanipun, piyambakipun mlebet Realschule wonten ing Breslau, lajeng dipunkintun saperlu sinau tetanén wonten ing tetanén pakdhénipun wonten ing Jauer. Nanging, amargi boten betah kaliyan pagesangan désa, piambakipun wangsul malih dhateng Breslau lan mlebet sekolah kagunan, kanthi ancas dados pemahat. Wonten ing mrika, piyambakipun kapanggih kaliyan kancanipun Josef Block. Lajeng piyambakipun sinau wonten ing Universitas Jena, lan nelasaken sapérangan ageng taun 1883-1884 wonten ing Italia. Nalika wulan Mèi taun 1885 Hauptmann palakrama lan dumunung wonten ing kutha Berlin, lan nyurahaken dhiri sedayanipun wonten ing karya sastra, lan langsung pikantuk reputasi minangka salah satunggaling tokoh drama modern.[2]
Nalika taun 1891 piyambakipun ngaso wonten ing Schreiberhau, Silesia. Drama ingkang angka pisan saking Hauptmann, Vor Sonnenaufgang (1889) mbikak obahan naturalistik wonten ing sastra Jerman modern; kalajengaken kaliyan Das Friedensfest (1890), Einsame Menschen (1891) lan Die Weber (1892), sawijining drama ingkang nyariosaken ngrembakanipun para penganya taun 1844.
Karya-karya Hauptmann salajengipun inggih punika komedi Kollege Crampton (1892), Der Biberpelz (1893) lan Der rote Hahn (1901), sawijining "sajak pangimpén", Hannele (1893), lan drama sajarah Florian Geyer (1895). Piyambakipun ugi nyerat tragedi wong tani Silesia, Fuhrmann Henschel (1898) lan Rose Bernd (1903), lan dongèng dramatis Die versunkene Glocke (1897) lan Und Pippa tanzt (1905). Masa puncakipun kadadosan rikala taun 1911: piyambakipun nyerat Die Ratten, saéngga pikantuk Penghargaan Nobel babagan Sastra taun 1912.
Sadangunipun PD I, Hauptmann minangka salah satunggaling tokoh perdamaian. Wonten ing masa karieripun punika Hauptmann nyerat sapérangan drama suram lan "mengalegorikan" sajarah, kados ta Der Bogen des Odysseus (1914), Der weisse Heiland (1912–1917), Winterballade (1917). Sasampunipun perang, kamampuan sastranipun samsaya kirang. Wonten 2 drama panjang ingkang mirib kaliyan kasuksesan awal, anangin kaliyan perasaan realistik ingkang tipis: Dorothea Angermann (1926) lan Vor Sonnenuntergang (1932). Piyambakipun tetep wonten ing Jerman sasampunipun "Machtergreifung" lan slamet saking Pengeboman Dresden nalika Perang Donya II (Dresden Lautan Api)). Karya pungkasanipun inggih punika Atriden-Tetralogie (1942–1946).[3]
Hauptmann tilar donya wonten ing yuswa 83 taun wonten ing dalemipun ing Agnetendorf (sapunika Jagniątków, Polen) taun 1946.
Karya sanès
[besut | besut sumber]- Drama: Elga (1896), Michael Kramer (1900), Schluck und Jau (1900), Der arme Heinrich (1902), Gabriel Schillings Flucht (1906), Die Jungfern von Bischofsberg (1907), Kaiser Karls Geisel (1908), Griselda (1909), Peter Brauer (1912), Festspiel in deutschen Reimen (1913), Magnus Garbe (1914, second version: 1942), Indipohdi (1920), Veland (1925), Herbert Engelmann (1921–1926), Spuk (two plays: Die schwarze Maske and Hexenritt, 1928), Die goldene Harfe (1933), Hamlet im Wittenberg (1935), Die Finsternisse (1937), Ulrich von Lichtenstein (1936–1937), Die Tochter der Kathedrale (1935–1938).
- Novèl: Der Narr in Christo Emanuel Quint (1910), Atlantis (1912), Phantom (1923), Wanda, der Dämon (1926), Die Insel der grossen Mutter (1928), Um Volk und Geist (1932), Im Wirbel der Berufung (1936), Der Abenteuer meiner Jugend (1937) lsp.
- Novèl cekak: Bahnwärter Thiel (1888), Die Ketzer von Soana (1924), Marginalien (selected works, reports: 1887–1927), Sonnen (1938), Der Schuss im Park (1939)
- Novèl sajak: Promethidenlos (1885), Anna (1921), Die blaue Blume (1924), Till Eulenspiegel (1927), Das Meerwunder (1934), Der grosse Traum (1912–1942) lsp.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Gerhart Hauptmann. |