Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
Menyang kontèn

Isabeau saking Bavaria

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Isabeau saking Bavaria
Miniatur presentasi Christine de Pizan nyaosaken bukunipun marang Ratu Isabeau saking Bavaria[1]
Ratu Prancis
Tenure1385–1422
Lairc. 1370
Surud24 September 1435 (yuswa 64–65)
Paris
AstanaBiara Santo Denis
GariniCharles VI saking Prancis
PutraIsabelle, Ratu Inggris
Jeanne saking Prancis, Adipati Wanita Bretagne
Marie, Kepala Biarawati Poissy
Michelle, Adipati Wanita Burgundia
Louis, Dauphin Prancis
Jean, Dauphin Prancis
Catherine, Ratu Inggris
Charles VII saking Prancis
WangsaWangsa Wittelsbach
BapaStephan III, Adipati Bayern
IbuTaddea Visconti

Isabeau saking Bavaria (Prancis: Isabeau de Bavière skt. 137024 September 1435) utawi asring ugi dipunsebat Elisabeth saking Bayern-Ingolstadt inggih punika Ratu Prancis (1385-1422) garwa saking Raja Charles VI[2], Piyambakipun punika asalipun saking anggota kulawarga Wangsa Valois[3]. Piyambakipun punika dipunwastani amargi gadhah peranan ingkang wigati ing ngajengipun umum nalika wonten musibah ingkang dugi ing papréntahan garwanipun [4][5].

Piyambakipun punika miyos wonten ing gedhong sepuh lan agung Wittelsbach, putri pambajeng saking Duke Stephen III Bavaria-Ingolstadt lan Taddea Visconti Milan[6]. Isabeau dipunkintun dhateng Perancis lan krama kaliyan Charles tigang dinten bibar duginipun[6].

Nalika taun 1389, upacara panobatan Isabeau dipunkurmati kanthi saé ing Paris. Charles kénging gerah mental nalika taun 1393 lan kapeksa narik dhiri saking papréntahan [7]. Gerahipun Charles damel lowonging papréntahan ingkang ndadosaken perang sedhèrèk antawisipun Karajan Adipati saking Burgundia lan sedhèrèk ingkang njurung Charles, Louis Orléans [4]. Isabeau punika kaombang-ambing ing tengahing fraksi-fraksi lajeng milih ingkang piyambakipun pitadosi saged damel untung kanggé ingkang marisi tahta[8]. Piyambakipun ndhèrèk Burgundia, salajengipun Isabeau kénging masalah ing pamalsuan kaliyan adhi iparipun raja,Louis saking Orléans[8]. Nalika piyambakipun milih Burgundia, para Armagnacs mbusak piyambakipun saking Paris lan dipunpenjara. Nalika taun 1407, John Orléans ingkang tansah wantun dipunpatèni Orléans lajeng ratu kelangan prabawa pulitik[8].

Silsilah lan Pawiwahan

[besut | besut sumber]
Miniatur nedahaken Raja Charles VI nembé buru. Ratu Isabeau lan rombonganipun katingal palfreys. Prakiraan saking Chronique Enguerrand de Monstrelet punika.

Isabeau saking Bayern punika putri Stephen III saking Bayern-Ingolstadt lan Taddea Visconti[3]. Taddea Visconti punika satunggaling wanita bangsawan Italia ingkang asalipun saking kulawarga Visconti ingkang mréntah Milan saking taun 1277 dumugi taun 1477 [3]. Tanggal ingkang pas babagan wiyosipun ing wewengkon Bayern punika boten dipunmangertosi[6]. Simbah paternalipun punika Stephan II saking Bayern[9] (putra Kaisar Ludwig IV) lan Elisabetta saking Sisilia, putri Raja Federico III saking Sisilia lan garwanipun Eleanor saking Anjou, Ratu Sisilia [10]. Simbah maternalipun punika Barnabò Visconti, Maharaja Milan lan Regina-Beatrice della Scala. Regina punika putri Mastino II della Scala, Maharaja Verona saking taun 1329 dumugi taun 1351 lan garwanipun Taddea ing Carrara [11]. Isabeau dipunbeta dhateng Perancis nalika taun 1385 minangka calon garwa Raja Charles VI [11]. Taun-taun kapisan dipunlampahi déning pasangan mau kanthi tentrem dumugi wonten tandha-tandha gerah mental garwanipun ingkang wiwit katingal ing taun 1392 [5].

Tiyang sepuh Isabeau punika Stephen III saking Bayern-Ingolstadt lan Taddea Visconti [3][10][11]. Ingkang kekrama kanggé 100.000 ducat mahar. Prakiraan piyambakipun punika wiyos wonten ing Munich minangka papan piyambakipun dipunbaptis ing Gréja Our Lady. Kagunganipun punika Merovingian kulawarga Wittelsbach ingkang kuna lan mapan, keturunan saking Charlemagne. Piyambakipun punika putri Louis IV, Kaisar Romawi Suci. Ing periode mau Bavaria punika ingkang paling kuwat saking nagara Jerman lan Wittelsbachs punika ingkang paling sugih ing kulawarga Bavaria [12].

Paklik saking Isabeau punika Adipati Frederick saking Bavaria. Dipunprayogakaken ing taun 1383 bilih piyambakipun dipunwastani minangka pengantèn kanggé Raja Charles VI saking Perancis [3][11]. Tetandingan mau dipunmajengaken malih ing pawiwahan dobel Burgundia ing Cambrai wulan April – John Fearless lan sedhèrèk putrinipun Margaret saking Burgundia lan ugi Margaret saking Bavaria kaliyan William saking Bavaria. Paklik saking Charles VI bilih pawiwahan kanggé yasa aliansi kaliyan Kamaharajan Romawi Suci lan nglawan Inggris. Bapak saking Isabeau ingkang boten sarujuk kaliyan pamanggih mau ngirim piyambakipun kaliyan sedhèrèk marang Prancis kanthi alesan kesah ziarah marang Amiens kaliyan paklikipun [11]. Nanging piyambakipun boten dipunparingi alesan sowanipun ing Prancis ingkang dipunprèksa minangka calon penganten kanggé Charles VI [11]. Miturut kontèmporèr sajarah abad tengahan Jean Froissart piyambakipun nembé umur 13 utawi 14 nalika tetandingan dipunkajengaken lan kirang langkung 16 nalika mantènan ing taun 1385, nedahaken tanggal wiyosipun punika kirang langkung taun 1370[13].

Charles VI saking Perancis garwanipun Isabeau

Sadèrèngipun prèsentasinipun dhateng Charles VI, Isabeau dipunkintun dhateng Hainaut satunggal wulan lan ing mriku piyambakipun etiket pengadilan Perancis [11]. Nalika tanggal 13 Juli 1385 piyambakipun lajeng lelampahan ingkang badhé dipunaturaken marang Raja [11]. Katingalipun Charles VI tresna sanget marang garwanipun lan kathah maringi bebungah. Ing taun 1386 nalika adicara warsa énggal kapisan piyambakipun dipunparingi beludru abrit Palfrey pelana mawi tembaga lan dipunhias mawi K lan E (kanggé Karol lan Elisabeth) lan terus maringi bebungah kados ali-ali, piranti pecah belah, lan rasukan [11].

Pamahkotaan

[besut | besut sumber]
Miniatur saking Chronicles of Froissart, nedahaken acrobat ingkang ngramekaken adicara panobatan.
Miniatur nedahaken Isabeau dipunbeta ngliwati Paris nalika tanggal 23 Agustus 1389

Panobatan Isabeau dipunwontenaken ing tanggal 23 Agustus 1389 [8][11]. Para wanita mulya ing prosesi panobatan ngginakaken busana ingkang mewah mawi bordir benang emas lan nitih tandhu ingkang dipunkawal déning ksatria. Philip Bold ngginakaken doublet bordir mawi 40 wedhus gembel lan 40 banyak (angsa) ingkang kahias mawi loncèng ingkang kadamel saking mutiara.

Prosesi kalampahan saking énjang dumugi dalu. Mergi-margi kebak tablo Vivants nedahaken adegan Perang Salib, Deësis lan Gerbang Swarga. Langkung saking sewu ‘’burgher’’ jumeneng wonten ing sedawaning ruté prosesi. Ingkang satunggal siish ngginakaken rasukan warni ijo, lajeng ing sisih sanèsipun ngginakaken rasukan warna abrit. Prosesi kawiwit Porte de St. Denis ngliwati ing sangandhaping kanopi kain biru langit déné laré-laré ngginakaken busana kados malaika nyanyi mlebet ing Rue de St. Denis sadèrèngipun dugi ing Notre Dame kanggé upacara panobatan.

Tuchman nyerat adicara, "Kathah sanget kaajaiban ingkang kedah dipunpirsani lan dipunremeni inggih punika dalu sadèrèngipun nyebrangi kreteg ingkang tumuju ing Notre Dame lan tampilan klimaks." Minangka Isabeau nyebrangi Grand Pont dhateng Notre Dame. Satunggaling akrobat mbeta kalih lilin mlampah sedawaning tali saking menara katedral dhateng griya paling inggil ing kutha [14]. Bibar pamahkotaan Isabeau, prosesi damel margi malih saking Katedral sedawaning ruté dipunpadhangi déning 500 lilin. Isabeau ingkang nembé ngandhut pitung wulang badhé semaput ing dinten kaping gangsal karaméan. Kanggé mbayar adicara ingkang méwah punika lajeng pajek dipuninggilaken ing Paris kalih wulan salajengipun [15].

Gerahipun Charles

[besut | besut sumber]

Charles gerah kapisan ing taun 1392 [11]. Nalika wulan Agustus dinten ingkang panas piyambakipun nyerang ksatria kulawarganipun, kalebet sedhèrèkipun Orléans, saéngga damel sédanipun sekawan tiyang. Paklikipun, adipati dari Burgundia lan Berry énggal-énggal mendhet kesempatan saking gerahipun Raja lan ngrebut kuwaosing Raja lajeng yasa piyambakipun dados bupati[11]. Ujug-ujug gerah mentalipun Raja dipunwastani déning sapérangan tiyang minangka tandha ukuman lan sanèsipun mastani minangka asil saking ngèlmu sikir. Sejarawan modern damel spèkulasi bilih piyambakipun punika gerah amargi medalipun skizofrenia paranoid[11].

Froissart nggambaraken gerahipun Raja salajengipun saèstu parah bilih piyambakipun “tebih saking margi, boten wonten jampi (obat) ingkang saged nambani”[11]. Piyambakipun waras saking serangan gerah kapisan lan dhokteripun, Guillaume de Harsigny paring pamrayogi program hiburan[8]. Nalika Charles gerah ing taun 1390, Isabeau punika wanita kanthi umur 22 taun mawi tiga laré lan sampun kelangan kalih bayi. Amargi gerahipun sansaya parah nalika gantosing abad Isabeau dipunsebat nilaraken Charles[8]. Nanging sejarawan Rachel Gibbons damel spèkulasi bilih Isabeau péngin nebihaken dpiyambakipun saking garwa lan gerahipun. Ingkang paling parah malih Charles boten saged nepangi Isabeau[11].

Pulitik pengadilan lan intrik

[besut | besut sumber]

Gesangipun Isabeau dipundamel dokumentasi kanthi saé, prakiraan paling ageng amargi gerahipun Charles saéngga damel papan ingkang boten limrah ing kakuwaosan. Andharan babagan sipat lan pitedahan ugi langka lan asring dados tetandingan. Piyambakipun asring dipungambaraken minangka “ingkang alit, mawi rikma coklat, utawi dhuwur lan mawi rikma ingkang pirang’’ gumantung kaliyan sumberipun. Panyerat sajarah kala punika nyerat bilih Isabeau punika saé, piyambakipun ngendika mawi aksèn Jerman kanthi saé sanajan piyambakipun sampun manggèn wonten ing Prancis wiwit saking mantènanipun.

Sujarawan Tracy Adams ngandharaken Isabeau mianngka satunggaling diplomat ingkang gadhah bakat ingkang ngatur pulitik pengadilan kanthi gampil, anggun, lan gadhah kharisma[16][17]. Piyambakipun kasil anggènipun dados peran ingkang njagi tentremipun ing antawis manéka fraksi pengadilan mapinten-pinten taun [18]. Isabeau naté tindak dhateng diplomasi internasional nalika piyambakipun nembé kemawon krama. Satunggaling wakil saking Florence nyelaki pamadosan prabawa pulitik Isabeau babagan ing Gian Galeazzo Visconti. Kala punika, Orléans lan Adipati saking Burgundia gabung kaliyan fraksi pro-Visconti déné anti-Visconti kirang paring prabawa kalebet Isabeau, kakangipun, Louis VII, Adipati Bayern, lan John III, ‘’Count of Armagnac’’. Ing periode wiwitan Ratu, Isabeau boten gadhah kakuwatan pulitik kanggé ngawontenaken éwah-éwahan. Pinten taun salajengipun, sanajan ing taun 1396 pawiwahan putrinipun, Isabella kaliyan Richard II saking Inggris (satunggaling adicara wonten mriku Charles nyerang ingkang damel pawartos amargi ngginakan rasukan sragam Galeazzo) Isabeau saged kasil anggènipun negosiasi aliansi antawisipun Perancis lan Florence kaliyan duta Florentine Buonaccorso Pitti.[19][20]

Charles dipunnobataken ing taun 1387 kanthi yuswa 20 taun, dumugi kontrol tunggal monarki. Ingkang kapisan dipunlampahi punika mandegaken likipun lan pamulihan saking déwan Marmousets – anggota déwan tradhisional kanggé bapakipun, Charles V – lan piyambakipun maringi tanggeljawab marang Orléans malih. Pinten taun salajengipun, bibar Charles kénging serangan gerah ingkang kaping satunggal, wonten masalah antawisipun Orléans lan karajan likipun, Adipati Burgundia, John, Adipati Berry, lan Louis II, Adipati Bourbon. Lajeng Isabeau dipunpeksa supados njagi katentreman ing tengah-tengahing prastawa rebutan kakuwaosan pinten-pinten taun.

Christine de Pisan paring bebungah bukunipun marang Ratu Isabeau. Piyambakipun lan réwang ngginakaken bourrelet permata landhep mawi wujud ati wonten ing sanginggilipun rikma awujud sungu ; témbok-témbokipun dipunrias mawi gabungan Fleurs-de-lys lan lencana Wittelsbach Isabeau.

Peranan Isabeau wonten ing sajarah Perancis punika ndadosaken piyambakipun dados sasaran péna para sejarawan mapinten-pinten abad [21]. Serangan pena punika asalipun saking interpretasi miring nalika Isabeau gadhah peran ingkang wigati nalika nglampahi negosiasi kaliyan Inggris[21][22] saéngga ngasilaken Perjanjian Troyes (1420) lan saking pawartos alit babagan panyelèwènganipun ingkang kawiwitan ing Paris nalika 1422-1429 masa penjajahan Inggris [21].[23] Pawartos punika kawiwitan amargi kathah tiyang ingkang rumaos curiga bilih putra Isabeau, Charles VII punika laré ingkang kasil saking piyambakipun nyelèwèng, ingkang lajeng ngupaya kanggé nggusah Inggris lan dipuntampi déning masarakat minangka Raja Perancis kanthi sah [24]. Kabar mau saged kapanggihaken wonten ing satunggaling puisi kanthi irah-irahan Pastoralet ingkang nyebar ing jaman mau [21].

Isabeau manggèn wonten ing papan ingkang mbetahaken peran ingkang kuwat anggènipun ngisi lowongan ingkang dipuntilaraken déning garwanipun ingkang gadhah gerah mental[5][22]. Pinten taun salajengipun bibar kawiwitan gerahipun Sang Raja, dhokter paring pamanggih program hiburan kanggé Raja lan punika ndadosaken anggota mahkamah paring pamanggih supados sang Raja dipunparingi kejutan marang Ratu lan anggota astana sanèsipun mawi busana tiyang jaler ingkang sereng lan damel kaget kanthi ujug-ujug kanggé maringi bal lan ngrayakaken mantènan satunggaling pangiring Ratu [21]. Wonten ing karaméan mau, Bola kakung ingkang kobong (Prancis: Bal des Ardents, Elisabeth mirsani kacilakan obor ingkang ngeri lan ndadosaken sang Raja tilar donya[21].

Isabeau kaliyan rewangipun.

Isabeau punika dados eri ing donyaning pulitik. Boten namung amargi masalah mental garwanipun[22] ingkang dipunpitadosi kénging lelara skizofrenia, nanging ugi amargi pesaingan ingkang wonten antawisipun sapérangan anggota kulawarga karajan. Amargi raja boten saged nepangi piyambakipun lan dukha amargi rawuhing piyambakipun lajeng wonten pamanggih supados maringi piyambakipun wanita simpenan ingkang kala punika, Odette de Champdivers[21]. Odette punika mendhet peranipun nalika taun 1405,[5][25] nanging kala punika sang Raja taksih wonten gayutan kaliyan Isabeau, ingkang ngandhut pungkasan ing taun 1407[21]. Nalika tanggal 11 Oktober 1418 sang Raja nyerat satunggaling layang ingkang paring dhawuh kanggé maringi 2.000 livres tournois marang Isabeau kanggé nulung nebus gesper berlian (fermail) ingkang dipunparingaken Charles nalika dinten mantènipun.[26] Sesupe mau dipunpendhet lan dipunsade tanpa dipunmangertosi kados nalika piyambakipun dipunguwang dhateng Tours ing taun 1417. Boten cetha kados pundi layang karajan ingkang dipunpitakenaken punika medal saking sang Raja piyambak[21].[27]

Ing antawisipun tiyang ingkang nyobi ngatur papréntahan nalika Sang Raja boten saged, rayinipun Sang Raja, Louis I saking Orléans lan prunanipun (keponakan) Jean I saking Burgundia[21]. Mungsuhan Orléans kaliyan Burgundia dumugi titik krisis nalika sang pemimpin dipunpejahi nalika taun 1407[21]. Sengitinipun sansaya inggil lan masa perang sedhèrèk kadadosan. Ingkang njurung pungkasan sang Adipati punika kondhang minangka Armagnac[21]. Henry V saking Inggris mendhet untung saking masalah ing sajeroning karajan lajeng nyerang pasisir barat laut Perancis [5]. Piyambakipun ngirim gaman perang dhateng Agincourt. Kathahipun sedaya génerasi pemimpin militèr pejah utawi dipunsandra satunggal dinten[21]. Jean I ingkang boten naté ajrih punika taksih mungsuhi kulawarga karajan lan Armagnacs tansah nétral amargi Henry V saged naklukaken kutha-kutha ing lèr Perancis. Sapérangan ageng kalih welas laré-laré Isabeau boten saged tahan gesang dumugi ageng. Boten dangu saking punika laré ingkang kaping gangsal lan pungkasan dipunparingi gelar dauphin minangka pewaris tahta karajan, 16 taun Charles VII saking Perancis lajeng ngawontenaken negosiasi kaliyan Jean sans Peur nalika taun 1419. Pejabat rumah tangga dauphin mejahi Jean nalika pepanggihan wonten ing satunggaling kreteg ing ngandhaping perlindungan Charles [5].

Ratu Isabeau mlebet ing Paris, miniatur saking Kronik Froissart, abad kaping 15.

Adipati Burgundia ingkang énggal, Philippe ingkang saé gabung kanggé makaryo sesarengan kaliyan Inggris [4]. Sapérangan ageng pérangan lèr Perancis ing sangandhaping dominasi luar nagari, Isabeau sarujuk kaliyan Perjanjian Troyes ing taun 1420 [3]. Punika lajeng damel rencana mantènan antawisipun putrinipun, Catherine saking Valois kaliyan Henry V[28] lan nglantik calon kulawarga karajan kanggé Henry V lan laré-larénipun Charles VI sarujuk kaliyan prajanjèn mau lan nuduh bilih Dauphin punika dados pengkhianat. Dauphin sampun njangkar dhawuh saking bapakipun supados kondur marang kulawarga karajan ; lan ugi piyambakipun ngrebut otoritas karajan kanthi mendhet gelar bupati, sarta piyambakipun gadhah alesan lan ngapusi babagan pejahipun Adipati Burgundia[21].

Charles VI mangkat nalika wulan Oktober 1422, lan amargi Henry V sampun tilar donya langkung rumiyin, putra Henry ingkang taksih alit, Henry VI ingkang dipunparingi tahta déning Charles VI lan Raja Perancis, kados ingkang sinerat wonten ing Perjanjian Troyes[21]. Dauphin Charles VII punika yuswanipun 19 taun nalika bapakipun tilar donya, nyebataken bilih Perjanjian Troyes punika boten sah lan mastani kapemimpinan saking parté Armagnac ingkang nguwaosi laladan Perancis ingkang sanès ing ngandhapipun kuwaosipun Inggris lan Burgundia [4]. Kawontenan Charles VII lan boten patuhipun marang tiyang sepuh, piyambakipun ugi ngadepi gayutan ingkang sami kaliyan larénipun piyambak Louis XI[21]. Guru Charles punika ibu mertuanipun Jolantha saking Aragon ingkang boten purun maringi ijin kesah dhateng pengadilan nalika ibunipun nimbali. Isabeau manggèn wonten ing kuwaosing Inggris lan boten wonten prabawa ingkang langkung tebih ing urusan publik[4]. Piyambakipun séda wonten ing Paris nalika taun 1435 lan dipunmakamaken wonten ing Basilika Santo Denis[21].

Kekancingan Troyes (Perjanjian Troyes) lan taun salajengipun

[besut | besut sumber]

Nalika taun 1419, Henry V ngisi ing Normandia, Adipati Burgundia ingkang énggal, Philip ingkang saé damel sekuthu kaliyan Inggris lan meksa Isabeau supados gabung kaliyan piyambakipun. Nanging Isabeau tansah setya marang Raja lan marang Prancis. Ing taun 1420, Henry V ngirim Louis de Robersart dhateng Paris supados rembagan kaliyan Isabeau amargi hubunganipun kaliyan Bavaria kanthi ancas mapanaken Ratu kanthi nyaman ing “gencatan senjata”. Kekalihipun pepanggihan piyambak lan Isabeau nampi Kekancingan Troyes (Perjanjian Troyes) [29].

Isabeau lan Charles VI wonten ing Kekancingan Troyes ing miniatur saking cathetan sajarah Froissart

Prancis tanpa pewaris tahta amargi Raja ingkang dipuncabut hak warisipun ing Dauphin. Piyambakipun nyerat ing taun 1420 babagan Charles VII bilih piyambakipun sampun “boten patut sukses ing tahta utawi gelar sanèsipun”, amargi tumindakipun ingkang ngrisak saben kemungkinan gencatan senjata kaliyan Burgundia.[30]. Charles Orléans ing larikan salajengipun minangka ahli waris sampun dipuntawan ing Pertempuran Agincourt lan dipunpenjarakaken wonten ing London.[31]

Nalika boten wontenipun pewaris resmi tahta, Isabeau ngancani Charles kanggé nandhatangani Perjanjian Troyes ing wulan mei 1420. Rawuhipun Isabeau punika boten trep kaliyan andharan ingkang boten saged dipunbuktekaken bilih masa ngajeng piyambakipun maringaken Prancis marang Inggris. Pinten-pinten abad, Isabeau jumeneng dipunwastani nilaraken makutha amargi kekancingan. Miturut paugeran ing kekancingan, Charles taksih tetep dados Raja Perancis nanging Henry V[10] ingkang krama kaliyan putrinipun Catherine tansah ngontrol wewengkon ingkang takluk marang Normandia, Perancis lajeng dipunpréntah déning Adipati Burgundia lan dados panerusipun Charles[32] Isabeau manggèn wonten ing Inggris ingkang dipunkontrol Paris.

Miniatur abad kaping 15 ingkang nedahaken iring-iringan pamakaman Isabeau wonten ing Seine, saking cathetan sujarah Martial d'Auvergne
Basilique St. Denis

Isabeau dipunbusak saking prabawa pulitik lan pensiun kanggé gesang wonten ing Hôtel Saint-Pol kaliyan garwa kaping kalih kakangipun Isabeau, Catherine saking Alençon. Piyambakipun dipunkancani déning wanita-wanita Amelie von Orthenburg lan Madame de Moy, ingkang pungkasan punika ingkang lelampahan saking Jerman lan manggèn kaliyan Isabeau minangka dame d'honneur saking taun 1409. Isabeau tilar donya wonten ing mriku nalika taun 1435. Sédanipun lan pamakaman Isabeau dipundamel dokumèntasi déning Jean Chartier (anggota St Denis Abbey)[6] ingkang prakiraan dados “saksi mata”.

Reputasi lan Warisan

[besut | besut sumber]

Isabeau punika asring dipunmandegaken déning para sujarawan minangka tiyang ingkang nakal, pamimpin ingkang boten gadhah, sudut pandang lajeng éwah nalika abad kaping 20. Sujarawan kontemporer nggambaraken Isabeau mendhet perang pemimpin ingkang saèstu prigel kanggé Ratu ing mangsa mau, sanajan piyambakipun kapeksa mikul tanggeljawab minangka dampak saking gerahipun Charles. Para kritikus nampi bab ingkang miring wonten ing peranipun anggènipun negosiasi kaliyan Inggris ingkang ndadosaken Perjanjian Troyes lan kabar babagan nyelèwèngipun kaliyan Orléans [33]. Gibbon nyerat babagan tugas ratu inggih punika kanggé damel amanipun makutha lan ugi njagi garwanipun, sujarawan nggambaraken Isabeau punika boten kasil anggènipun nglampahi kalih tugas mau lan ndadosaken piyambakipun tiyang ingkang awon ing sujarah. Gibbon ngandharaken bilih pitedahan saking phisikipun taksih dèrèng gamblang, gumantung gambaran Isabeau minangka tiyang ingkang saé menapa ingkang awon [34].

Laré ragil Isabeau, dipuntedahaken wonten ing miniature kaliyan Jean Fouquet

Wonten unèn-unèn ingkang ngandharaken bilih Perancis punika sampun dipunkalahaken amargi satunggaling wanita nanging badhé pulih malih déning satinggaling priyantun èstri[21]. Kathah ingkang ngira-ira bilih ramalan punika kanggé Jeanne d'Arc[21][35]. Wonten ing carita fiksi, gesangipun punika dados inspirasi Marquis de Sade, satunggaling novèl nalika taun 1813 Histoire secrete d'Isabelle de Baviere, reine de France[21].

Bibar wiwitanipun Raja gerah, masarakat umum pitados bilih gerah méntal lan boten sagedipun Charles anggènipun mréntah punika amargi sikir lan mantra[36], kados ing wiwitan taun 1380an kabar mau nyebar bilih pengadilan mau ngginakaken ngèlmu sikir[37]. Ing taun 1397, garwanipun Orléans, Valentina Vasconti kapeksa kedah nilaraken Paris amargi piyambakipun dipunarani ngginakaken sikir. Para penyihir ketarik dhateng pengadilan raja edan mawi janji obat lan asring dipun-ginakaken minangka piranti pulitik déning sapérangan fraksi. Pratélan tiyang ingkang dipunarani nyihir Charles punika dipunrantam lan Isabeau ugi Orléans kedhaptar wonten ing mriku [38].

Miturut babad Pinton punika, Orléans celak sanget kaliyan rayi iparipun, ingkang enèm lan ayu Isabeau saking Bavaria. Ratu ingkang sregep lan mawi rikma coklat nembé yuswa kalih dasa, garwanipun édan [39]. Pinton ngandharaken Ratu lan Orléans punika dipuntilaraken déning Charles nglampahi tumindak ingkang awon [40], nelasaken arta ingkang kathah ing acara hiburan pengadilan. Dipunarani nyelèwèng, dhedhasar satunggal pada (paragraph) saking sujarah Pinton ingkang miturut Adams sapunika boten saged dipundadosaken bukti.[41]

Isabeau punika dipunsebat ndhèrèk ing gesang ingkang méwah lan awis, busana mawi permata lan model rambut ingkang dipunkepang bunder lan inggil.[42] Ing taun 1406 satunggaling satir pro-Burgundia piyambakipun dipunarani mimpin Prancis marang perang sedhèrèk amargi boten sagedipun njurung fraksi tunggal. Nalika abad kaping 18 lan abad kaping 19, sujarawan paring tandha marang Isabeau minangka tiyang ingkang "naté zina, mewah, licik, lan Ratu ingkang boros" ningali saking prestasinipun wonten ing pulitik lan prabawa ing pulitik. Satunggaling buku ingkang kondhang dipunserat déning Louise de Karalio (1758-1822) babagan awonipun Ratu Perancis sadèrèngipun Marie Antoinette. Karalio nyerat "Isabeau punika gesang déning kamurkan kanggé mbeta risaking nagara lan nyadé marang mungsuh-mungsuhipun; Isabeau saking Bavaria medal lan pawiwahanipun dipunwontenaken ing Amiens nalika tanggal 17 Juli 1385 badhé dipunsebat minangka prastawa ingkang paling damel ajrih wonten ing sajarah" [43].

Perlindungan

[besut | besut sumber]
Christine de Pizan maringi buku marang Ratu[21]

Kados kathahipun ing Valois, Isabeau punika satunggaling kolektor seni apresiatif. Piyambakipun remen kaliyan perhiasan. Piyambakipun ijolan bebungah Warsa Enggal kaliyan Adipati saking Berry, salah satunggal pérangan ingkang taksih wonten inggih punika patung ronde-bosse Saint Catherine. Dokumentasi nedahaken piyambakipun paring dhawuh sapérangan tugelan saking tukang emas ing Paris[44].

Laré-laré

[besut | besut sumber]

Wiyosipun 12 laré Isabeau punika kecathet. Isabeau gadhah enem putra lan enem putri. Ingkang kapisan wiyos ing taun 1386 lajeng ingkang pungkasan, Philip wiyos ing taun 1407 [10]. Saking enem laré, ingkang tiga punika séda nalika taksih enèm. Kalihan laré putra ingkang taksih gesang Charles VII gesang dumugi diwasa. Gansal saking enem laré èstri slamet, ingkang sekawan sampun krama lan ingkang satunggal, Marie (1393-1438) dipunkintun nalika umur sekawan taun supados gesang ing satunggaling biara, lan piyambakipun dados kepala biara mau [45].

Nalika taun 1386, ing umur 16 taun Isabeau wiyosaken laré kapisan ingkang boten séda nalika taksih bayi. Laré èstri lajeng wiyos kalih taun salajengipun lajeng gesang dumugi taun 1390. Putrinipun ingkang kaping kalih, Isabella wiyos nalika taun 1389 [10], krama ing umur pitung taun kapisan kaliyan Richard II saking Inggris, Lajeng Charles, Adipati Orleans. Putri ingkang angka tiga, Joan (1391-1433) ingkang gesang dumugi umur 42 taun krama kaliyan John VI, Adipati Bretagne. Putri ingkang angka sekawan Michelle (1395-1422), garwa kapisanipun Philip Saé, séda tanpa laré ing umur 27 taun. Catherine saking Valois[28], Ratu Inggris, (1401-1438) krama kaliyan Henry V saking Inggris, Sir Owen Tudor mendhet dados garwa ingkang kaping kalih. Charles VII, (1403-1461) krama kaliyan Marie saking Anjou[10].

Charles, Dauphin Viennois, Adipati Guyenne (1392-1401) boten wonten masalah. Louis, Dauphin Viennois (1397-1415), krama kaliyan Margaret saking Burgundia dipungambaraken minangka Dauphin ing Shakespeare Henry V, Piyambakipun séda nalika umut 19 taun. John, Dauphin saking Perancis (1398-1417), Dauphin Viennois, Adipati Touraine (1398-1417) punika garwa kapisan Jacqueline, Countess of Hainault. Charles VII, (1403-1461) krama kaliyan Marie saking Anjou.

Miturut sejarawan modern Isabeau manggèn celak kaliyan mangsa-mangsa alitipun laré-laré, wisata sesarengan, maringi bebungah, nyerat serat, paring teks kanggé renungan, lan ngatur supados putra-putrinipun saged kadidik. Piyambakipun boten remen nalika putranipun dipunkintun dhateng rumah tangga sanès kanggé gesang (limrahipun ing kala punika) lan kuciwa marang akad nikah ingkang dipuntetapaken laré kaping tiga ingkang taksih gesang, John dipunkintun Hainaut [10].

Keturunan

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Christine de Pizan Presents her Book to Isabeau of Bavaria, (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  2. Isabeau of Bavaria, Cunning Survivor. Archived 2011-11-09 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  3. a b c d e f Isabella of Bavaria, (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  4. a b c d e The Queen as 'social mannequin'. Consumerism and expenditure at the Court of Isabeau of Bavaria, 1933-1422 Archived 2015-10-27 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  5. a b c d e f H-France Review, (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  6. a b c d Isabeau of Bavaria, Queen of France (1385-1422): The Creation of an Historical Villainess: The Alexander Prize Essay, (dipunakses tanggal 23 April 2013)
  7. Charles VI, (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  8. a b c d e f g Most Beautiful women in History - Isabeau of Bavaria[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  9. Isabeau of Bavaria, Queen of France (1371-1435) and Valentina Visconti, duchesse de Touraine (1366-1408), (dipunakses tanggal 23 April 2013)
  10. a b c d e f g h i Queen Consort of France Isabeau of Bavaria Archived 2010-11-25 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 23 April 2013)
  11. a b c d e f g h i j k l m n o Isabeau of Bavaria Queen Consort of France, (dipunakses tanggal 23 April 2013)
  12. Charles V Archived 2016-03-06 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  13. Gibbons (1996), 52–53
  14. Huizinga (2009 edition), 236
  15. Tuchman (1978), 455–457
  16. The Life and Afterlife of Isabeau of Bavaria (review), (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  17. Tracy Adams, The Life and Afterlife of Isabeau of Bavaria.[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  18. Adams (2010), 8–9
  19. Ratified on September 26, 1396.
  20. Adams (2010), 6–8
  21. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Isabeau of Bavaria (Queen of France), (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  22. a b c The Life and Afterlife of Isabeau of Bavaria, (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  23. R.C. Famiglietti, Tales of the Marriage Bed from Medieval France (1300-1500), hal. 194.
  24. The Queen as ‘social mannequin’. Consumerism and expenditure at the Court of Isabeau of Bavaria, 1393–1422, (dipunakses tanggal 17 April 2013)
  25. R.C. Famiglietti, Tales, hal. 89.
  26. B. Pocquet du Haut-Jussé, La France gouvernée par Jean sans Peur, Paris, 1959, hal. 70, no. 54
  27. Lihat pembasan ketidakteraturan dalam wujud surat karajan yang memerintahkan pembayaran dari taun 1418 hingga 1420 dalam B. Pocquet du Haut-Jussé, "Le compte de Pierre de Gorremont," Bibliothèque de l'Ecole des chartes, XCVIII (1937), hal. 55-56.
  28. a b Catherine of Valois (1401-1437), (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  29. Adams (2010), 36
  30. Gibbons (1996), 70–71
  31. Gibbons (1996), 68–69
  32. Tuchman (1978), 586-587
  33. Famiglietti (1992), 194
  34. Gibbons (1996), 56
  35. France’s Long War 1400-1453, (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  36. Charles VI of France, (dipunakses tanggal 24 April 2013)
  37. a b Adams (2010), 7
  38. Veenstra (1997), 45, 81–82
  39. Adams (2010), xiii–xiv
  40. Qtd in Veenstra (1997), 46
  41. Adams (2010), xvi
  42. Tuchman (1978), 504
  43. Qtd in Adams (2010), 60
  44. Chapuis, Julien. New York Metropolitan Museum of Art "Patronage at the Early Valois Courts (1328–1461)". Heilbrunn Timeline of Art History. Metropolitan Museum of Art. Retrieved November 10, 2012
  45. Adams (2010), 230–233
  46. a b c d e f g h Queen Queen Consort Isabeau de Bavière of France Queen (b. 1369, d. 24 Sep 1435),(dipunakses tanggal 24 April 2013)
  47. Family: Charles VI King Of FRANCE/Isabeau Of BAVARIA (F17464), (dipunakses tanggal 24 April 2013)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Silsilah

[besut | besut sumber]

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • Adams, Tracy. (2010). The Life and Afterlife of Isabeau of Bavaria. Baltimore: Johns Hopkins UP. ISBN 978-0-8018-9625-5
  • Allen, Prudence. (2006). The Concept of Woman: The Early Humanist Reformation, 1250–1500, Part 2. Grand Rapids, MI: Eerdmans Publishing. ISBN 978-0-8028-3347-1
  • Famiglietti, R.C. (1992). Tales of the Marriage Bed from Medieval France (1300–1500). Picardy Press. ISBN 978-0-9633494-2-2
  • Gibbons, Rachel. (1996). "Isabeau of Bavaria, Queen of France (1385–1422). The Creation of a Historical Villainess". Transactions of the Royal Historical Society, Volume 6, 51–73
  • Hedeman, Anne D. (1991). The Royal Image: Illustrations of the Grandes Chroniques de France, 1274–1422. Berkeley: University of California Press
  • Henneman, John Bell. (1996). Olivier de Clisson and Political Society in France under Charles V and Charles VI. Philadelphia: University of Pennsylvania Press. ISBN 978-0-8122-3353-7
  • Husband, Timothy. (2008). The Art of Illumination: The Limbourg Brothers and the Belles Heures of Jean Berry. New Haven, CT: Yale University Press. ISBN 978-0-300-13671-5
  • Huizinga, J. (1924, 2009 edition). The Waning of the Middle Ages. Oxford: Bendediction. ISBN 978-1-84902-895-0
  • Knecht, Robert. (2007). The Valois: Kings of France 1328–1589. London: Hambledon Continuum. ISBN 978-1-85285-522-2
  • Seward, Desmond. (1978). The Hundred Years War: The English in France 1337–1453. New York: Penguin. ISBN 978-1-101-17377-0
  • Solterer, Helen. (2007). "Making Names, Breaking Lives: Women and Injurious Language at the Court of Isabeau of Bavaria and Charles VI". In Cultural Performances in Medieval France. ed. Eglat Doss-Quimby, et al. Cambridge: DS Brewer. ISBN 978-1-84384-112-8
  • Tuchman, Barbara. (1978). A Distant Mirror: The Calamitous 14th Century. New York: Ballantine. ISBN 978-0-345-34957-6
  • Veenstra, Jan R.and Laurens Pignon. (1997). Magic and Divination at the Courts of Burgundy and France. New York: Brill. ISBN 978-90-04-10925-4
Perancis
Kang sadurungé
Jeanne saking Bourbon
Ratu Prancis
1385–1422
Kang sawisé
Marie saking Anjou