Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
Menyang kontèn

Kincir angin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kincir angin

Kincir angin iku sawijining mesin sing bisa ngganti tenaga angin dadi tenaga rotasi mawa suwiwi utawa layar ing suwiwiné.[1] Kincir angin gunané kanggo ngalusaké wiji lan ngompa banyu kanggo nyirami sawah.[1] Kincir angin modern ya iku mesin kang minangka ngasilaké ènergi listrik. Kincir angin modern uga diarani turbin angin.[1] Turbin angin akèh tinemu ing Éropa lan Amérika Lor.[1] Kincir angin bisa dadi ènèrgi alternatif kanggo ngasilaké listrik.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Naskah tuwa dhéwé sing nyritaké babagan kincir angin ana ing tulisan Arab ya iku wiwit abad kaping 9 Masehi.[1] Naskah iki nerangaké yèn kincir angin dioprasiaké ing wates Iran lan Afganistan.[1] Kincir angin uga diarani Persian windmill.[1] Kincir angin uga digunakaké ing China ya iku kanggo nguapaké banyu sagara ing prodhuksi uyah.[1] Kincir angin uga digunanaké ing Krim, Éropa lan Amérikah Sarékat.[1] Kincir angin kang minangka pembangkit listrik dibangun karo P. La Cour saka Dhènemarken.[1] Dhèwèké lair abad 19. Sawisé perang donya I, layar kang mlintang mirib sudhut propeler montor mabur saiki diarani kincir angin.[1]Eksperimén kincir angin sudhut kembar dianakaké ing Amérikah Sarékat taun 1940.[1] Ukurané amba banget kang diarani mesin Smith-Putman.[1] Diarani mesin Smith-Putman awit kang ngrancang ya iku Palmer Putman.[1] Mesin iki nduwéni kapasitas 1,25 MW kang digawé Morgen Smith Company saka York Pensylvania.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o kincirangin.info(diaksès tanggal 8 Juni 2011)
  2. energi.lipi.go.id Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)