Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
Menyang kontèn

Parembugan Naraguna:Shiinabot

Konten halaman tidak didukung dalam bahasa lain.
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Mlebu vs lumebu

[besut sumber]

Mlebu punika ugi tembung baku. Sumangga bausastra dipun pirsani. Lumebu punika kirang limrah lan miturut bausastra kelebet tembung sastra. Meursault2004ngobrol 3 Maret 2023 16.40 (UTC)[wangsuli]

Leres. Niki kados ing Mirunggan:Béda/1625989, 1624468, kaliyan 1627188. Mèlu-mèlu dipun gantos dados umilu-umilu, dados aèng ngaran kula. Saumpami wonten tembung mlebu-mlebu inggih sabotenipun wonten artikel ingkang tembungipun dipun gantos dados lumebu-lumebu. Ugi mlayu-mlayu dados lumayu-lumayu kaliyan mlaku-mlaku dados lumaku-lumaku. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 00.41 (UTC)[wangsuli]
Niki sampun kapanggih, mlaku-mlaku dados lumaku-lumaku: Mirunggan:Béda/1624179. Niku malah sampun mbesut kaca naraguna liyan. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 01.30 (UTC)[wangsuli]
Terima kasih atas pengingatnya, mas @Labdajiwa dan @Meursault2004.
Bahasa Jawa membedakan ragam cakap dan ragam tulis, sama seperti bahasa Indonesia. Dalam kasus ini, lumebu adalah ragam tulis, manakala mlebu adalah ragam cakap.
Lumebu berasal dari kata dasar (tembung lingga) lebu + sisipan -um-. Saya rasa tidak ada yang aneh karena sisipan seperti ini diajarkan sejak bangku SMP di Jawa. Sama seperti kata lumaku, lumayu, dsb.
Jika memang Wikipedia Jawa memakai bahasa baku (sama seperti Wikipedia Indonesia), seyogyanya ragam tulis lah yang konsisten digunakan, bukan ragam cakap. Selain agar pembaca tau asal-usul kata, juga agar pelajaran bahasa Jawa di sekolah tidak muspra/mubazir.
Mengenai kata mlebu bisa ada di bausastra, saya pikir KBBI juga memuat ragam cakap. Perbedaannya, bausastra belum mengenal pembedaan ragam cakap dan tulis sehingga masih campur aduk.
Dan ya, kata ini tidak lumrah karena dalam kehidupan sehari-hari, kita selalu memakai ragam cakap, bukan tulis. Terima kasih. Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 03.47 (UTC)[wangsuli]
Bausastra nggoné Poerwadarminta sampun wonten ragam cakap tinengeran pc. (pacelathon). Tembung mlebu, mlayu, mlaku, kaliyan mèlu ing bausastra nika boten tinengeran pc. Niku sampun wonten wiwit warsa 1930-an, nanging sapunika kok diprakawisaken? Mulakna kula rikat-rikat nyuwun setatus bot teng Méta menawi wonten pangéwahan ageng-agengan kados niki. Niki katingal menawi Mas Natsukusha kapéngin njawa-kinakaken (Kawi) Wikipédia basa Jawi. Labèl-labèl ing {{Infobox country}} ugi naté dipun gantos dados tembung-tembung Kawi, gendéra → pataka, situs wèb → jaringsana, kodhe bèl (calling code) → durawadasandi, TLD internèt → nagarasandigreha, lan sapanunggalanipun. Tembung-tembung punika boten limrah, sawetawis malah saged ingaran néologisme. Basanipun dados kasaénan, malah sisah dipun waos. Nuwun. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 05.05 (UTC)[wangsuli]
Pisan, Kanggo dhewe saged kurang lumrah, nanging kanggo wong liya durung temtu ora lumrah, mas.
Tembung kayata nagara, praja, cihna, nayaka, mantri, tembung2 sing dinggo kraton jogja, bahkan toponim jogja dhewe, akeh2é saka basa Kawi/Sanskrit. Masuk akal yen kula nganggo tembung2 Kawi amarga ancen kathah tembung Jawa saka Kawi. Aku ora menjawakunokan basa Jawa. Wong dasaré Basa Jawa modern ancen saka Basa Kawi. Kan lucu statement Panjenengan, mas. Aku mung reuse and combine tetembungan Kawi sing isoh menggambarkan konsep modern, trep teges lan nuance-é. Yèn aku nganggo tetembungan Indonesia/Melayu nang kéné, lagi panjenengan oleh nggumun, amarga basa Jawa lan Kawi raana gegayutané mbi basa Melayu/Indonesia.
Prajacihna = lambang negara, sandi = kode (morse code = sandi morse), dura (adoh) wada (omongan) = telpon, artacihna = mata uang, gana (sekumpulan orang dengan tujuan sama) nagara (negara) = republik, nagarantara = international, lelahanan = gratis, luwar = bebas, lsp.
Aku mung wedi yèn WBJ raisoh nyerap tetembungan widya, basa Jawa dadi kalah pamor mbi WBI (lan kasunyatané émang ngunu, amarga tembung2 mung nyerap saka basa Indo, ora gawénan wong Jawa dhéwé).
Pindho, apa gunané pelajaran nang sekolah diwucal seselan lsp. yen nyatane nang padinanan kui ora dinggo? Wong Jawa ngendi saiki sing mudheng yen tembung linggané mèlu kui ilu, dudu mèlu? Yèn paramasastra Jawa ora dinggo maneh nang kene, ya ora apa2. Bot ku rabakal nggenti tetembungan sing miturut paramasastra kliru tapi yen manut basa padinan bener (kaya mlebu, mlaku, lsp.). Fine, kan? Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 06.05 (UTC)[wangsuli]
Bab "wes ana nang kamus wiwit 1930-an tapi kok lagi diperkarakne saiki," sumangga priksa buku naminipun Tata Baku Bahasa Bahasa-Jawa cithakan 1991, mas panata. Aku ora gawé2. Tetembungan sing daserat (lumebu, lumayu, umaju) wis pener nurut paramasastra, tapi nang basa padinan bakal owah dadi kaya ngunu (mlebu, mlayu, maju).
website = web (jaring) site (situs, papan, sana) = jaringsana. wes trep kan? what's wrong? malah luwih njawani jaringsana ketimbang website. Tembung sana akeh dinggo ing kraton lan basa sastra/serat. Tembung situs web plek-ketiplek saka basa Indonesia.
Ngapunten, punika WBJ apa WBI? Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 06.23 (UTC)[wangsuli]
Ngapunten. Basa ing Wikipédia kedah lugu, gampang dimangertèni tiyang-tiyang limrah. Jaringsana, durawadasandi, nagarasandigreha, ganagara? Pitembungan punika mbingungi tur ngabot-boti para pamaos artikel ingkang mayoritasipun boten gadhah kawruh susastra saha sanès tiyang-tiyang kraton lan Ngayogya kémawon. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 07.05 (UTC)[wangsuli]
Ngapunten.
Sepisan. Wiktionary/Bausastra kagem napa, mas?
Kapindho, pripun nggih, mas...
Basa Jawa Baku ancen ngagem carabasané (dialeknya) wong Mataraman (mligi Karaton Sala). Pelajaran ing pawiyatan (sekolah) uga ngagem basa Jawa Mataraman. Kasunyatané, bocah diajari nembang macapat, dudu ludruk. Dados ajeng pripun malih? Gelem ra gelem wong saliyané Mataraman kedah ngetuti carabasané Mataraman. Yèn arep carabasané wong Banyumasan/Using, wis ana wikiné dhéwé. Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 07.22 (UTC)[wangsuli]
prakawis limrah/ora limrah, raana nang basa padinanan tembung "lungidan, pilalan, naraguna, pranala, niti, selakan, naralila". Aku pernah takon kancaku saka Sala, Surabaya, nganti Malang, padha ramudheng tetembungan kui. Masio ngunu tapi nyatané tetembungan mau tetep dinggo nangkéné. piyé kui jal?
terus yen pengen adil, apa jal bèdané naralila mbi jaringsana? toh padha2 gabungan tembung Kawi. Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 07.33 (UTC)[wangsuli]
Tembung-tembung punika sanès kula ingkang mertal. Kula dugi ngriki sampun wonten sawetawis tembung-tembungipun. Bokbilih awakipun piyambak lèrèn riyin anggènipun nambahi pitembungan ingkang boten limrah kados ta jaringsana lan sapituruté. Pitembungan saking manca punika saged dipun serap saka basa asliné: basa Inggris, Walandi, utawi lumantar basa Indonésia. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 08.15 (UTC)[wangsuli]
Pengurus berat sebelah. Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 08.26 (UTC)[wangsuli]
Pendapat Anda sebagai pengurus tidak kuat. Naraguna dan jaringsana sama-sama diambil dari bahasa Kawi dan sama-sama digunakan untuk menggambarkan konsep modern. Jika Anda menegur saya karena menyusun kata2 yang menurut Anda "aneh", Anda juga seharusnya menegur orang2 yang membuat kata2 semacam "naraguna, naralila, pilalan, dsb.". Selama masih masuk akal dan dapat ditemukan di Wiktionary/Wikisastra, saya tidak akan istirahat di akun utama saya. Titik. Saya hanya akan istirahat mengedit memakai bot ini. Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 08.29 (UTC)[wangsuli]
Yèn arep nganggo tetembungan basa Inggris, Walandi, utawi basa Indonésia, ya mending iki diowahi kabeh dadi basa Indonesia utawa gabungke wae WBJ lan WBI. Luwih gampil dipahami, kan? Tembung ing WBI waé akeh sing nganggo tembung Kawi, kok. Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 08.30 (UTC)[wangsuli]
Panata punika namung naraguna biyasa ingkang kagungan piranti reresik, Mas. Kula ugi kerep patroli ing proyèk-proyèk Wikimédia édhisi basa Jawi, dados pangéwahan ageng-agengan ingkang panjenengan tindakaken ngagem bot bakal kawruhan déning Pak Revo kaliyan kula. Kula bingung kénging punapa panjenengan boten nyerap mawon tembung-tembung saking manca punika tinimbang meksa mertal tembungipun ngagem sungsunan Kawi? "Website" dados "situs wèb" tinimbang "jaringsana", TLD dipun miringaken dados top level domain tinimbang "Nagarasandigreha", "Indhèks Pangrembakaning Manungsa" tinimbang "Gunatandha Pariwekroking Manungsa", "kutha paling gedhé" tinimbang "brehakutha", "nyetir ing (kiwa)" tinimbang "sisihlaku ing (kiwa)". Ing basa Indonésia, tiyang-tiyang saking Badan Bahasa ugi meksa mertal pitembungan-pitembungan tèhnologi ingkang miturut kula tembungipun kalebet boten limrah tur angèl dipun mangertèni. Menawi panjenengan nglajengaken ndamel kaliyan ngagem pitembungan énggal mawi sungsunan Kawi, wiki niki rak nggih saya sisah dipun mangertèni nalika maos artikelipun? — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 10.00 (UTC)[wangsuli]
Yen babagan tetembungan enggal, Panjenengan ora sarujuk, nggih pun terserah Panjenengan, sanes urusan kula. Kasunyatané kathah tetembungan sing kula sebut ing dhuwur (pilalan, lsp.) didamel dening Pak Revo. Yèn Pak Revo olèh gawé tetembungan, yèn aku ora olèh. Ngunu kan karepé? Suwun wis ngurus lan nggenti tetembungan nang kothakwara nagara.
Babagan mlebu vs lumebu, sumangga terserah Panjenengan sedanten. Khusus iki, Panjenengan ora okol-okolan mbi aku, tapi paramasastra. Yèn paramasastra aé ra digugu, Panjenengan sedanten arep nganggo tuntunan apa nggo nulis Basa Jawa Baku?
Wis kesel aku. Salajengipun terserah Panjenengan sedanten sing luwih kinuwasa ing WBJ.

Basa padinan: mlebu-mlebu Basa baku (rimbag bawa ma tundha): lebu-lumebu

Shiinabot (rembugan) 4 Maret 2023 12.45 (UTC)[wangsuli]

Kok nuding-nuding Pak Revo ingkang ndamel tembung pilalan punika. Napa wonten buktinipun? translatewiki:Special:Diff/7423104. Nami akunipun Pak Revo ing TW inggih sami kaliyan ing ngriki. Riyin kula ugi remen sanget ngagem tembung-tembung ingkang boten limrah babaranipun Badan Bahasa ing WBI. Nanging dakpikir-pikir kula putusaken boten ngagem malih jalaran pancèn angèl dimangertèni tiyang-tiyang limrah. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 13.20 (UTC)[wangsuli]
Inggih mboten sedaya karangan kula. Meursault2004ngobrol 4 Maret 2023 23.27 (UTC)[wangsuli]
Kula nggih sampun lungkrah, Mas. Wijèn wijèn roti roti, biyèn biyèn saiki saiki. Matur nuwun. — Labdajiwa (rembugan) 4 Maret 2023 13.30 (UTC)[wangsuli]
@Labdajiwa @Meursault2004
Haduh, pengurus kok yo ngene 😪
Bokfokus nang akar masalah: mlebu vs lumebu. Ancen pengurus mung naraguna biasa sing didhapuk ngurus piranti2 khusus. Aku ramudheng daerah asalmu diwulang pelajaran basa Jawa apa ora, tapi pengurus minimal mudheng kawruh paramasastra lah. Dikandhani sing leres minimal ora ngeyel kajaba awakmu ya nduwe bukti tertulis.
nang paramasastra, mlaku kuwi raana. anané lumaku. saka lingga laku keseselan -um-. kuwi jenenge "rimbag bawa ma."
Nah, yen tembung linggané digawé pindho (dwilingga) jenengé dadi "rimbag bawa ma tundha" kang formaté lingga + lingga + -um-. lumaku kuwi linggané laku dadi dwilinggané laku-lumaku.
dadi kuduné mèlu-mèlu = ilu-umilu.
bentuk sing paling terkenal saka iki yaiku turun-tumurun (turun-temurun). yen nuruti kekarepanmu ya mas admin, bentuke bakal dadi turun-turun.
Ancen aku naraguna biasa, ancen aku mung bot. tapi aku duwe jejibahan kanggo ngilingake sapa bae bab iki, termasuk admin nang kene. Soalé paramasastra kui pedoman paling dasar sing ngebedakke basa Jawa Baku lan basa Jawa dialek. Yen admin waé ramudheng apa kui paramasastra, rusak wiki iki. Takakoni kerjamu dadi pengurus apik, kurangé mung yèn dikandhani sing pener malah ngeyel.
Jajal saiki wenehana buktimu saka buku/serat (dudu kamus) kenapa aku kudu tetep nganggo mèlu lan mèlu-mèlu. Yen awakmu ra nemu sing seruntut alesanku, aku bakal tetep mbesut nganggo tembung umilu lan ilu-umilu. Shiinabot (rembugan) 5 Maret 2023 00.16 (UTC)[wangsuli]
Oh ya mas admin, as I said before, donya iki ora ngubengi awakmu thok. Tetembungan sing ora mbokngerteni, bukan berarti wong liya ora ngerti. Tembung kayata nayaka kuwi lumrah banget ing Mataraman, samsaya meneh wong sing mudheng pawayangan. Tembung luwar uga lumrah. Alkitab basa Jawa nganggo tembung kuwi. Intiné aja kudet banget lah. Tulung open minded. Awakmu pengurus tanggungané ageng, lho.
takakoni besutanku nang infobox country (kothakwara nagara) kakehan Kawiné, dadi nalika awakmu besut, aku lila-lumila aé. Shiinabot (rembugan) 5 Maret 2023 00.31 (UTC)[wangsuli]
Kula mudheng paramasastra Jawi. Babagan ater-ater ma- kaliyan seselan -um- punika kekalihipun saged dipun anggé ing wiki niki. Kula namung milih tetembungan ingkang limrah tur kapénak dipun waos déning sakathahing tiyang-tiyang Jawi, boten namung tiyang-tiyang ingkang ngremeni kasusastran utawi pagelaran ringgit kémawon. Panerapanipun ing basa baku kados ta ing Alkitab, tembung mlebu punika ugi kathah dipun anggé, site:alkitab.mobi "mlebu" (6.980 asil) lan site:alkitab.mobi "lumebu" (3.820 asil). Ing bausastra, kekalihipun ugi baku, dados nggih sakarepipun tiyang ingkang ndamel artikelipun. Nuwun. — Labdajiwa (rembugan) 5 Maret 2023 01.45 (UTC)[wangsuli]
Wong desa yen mbokkon nulis cara Jawa, bakalé luwih paham tulisan "ono opo, orapopo" mas yen nuruti kekarepanmu (...kelimrahan lan kapenak diwaca...).
Isoh didebat kabeh yen nuruti kekarepan wong amarga kekarepan 90 yuta wong Jawa mesthi beda2. Makané aku bali nang paramasastra sing ajeg wiwit mbien. Memang kurang lumrah amarga ing padinanan, paramasastra hampir ra kanggo. Justru karena WBJ ngaku nganggo basa Jawa Baku, ayo padha2 wiki iki diyasa nganggo basa Baku supaya tetembungan sing trep ambi paramasastra dadi limrah malih. Ora malah nerusaké sing urung trep. Yen ngunu carané yo rabakal ndang limrah lah.
Basa Baku kuwi basa sing nduwé panduan, yaiku paramasastra mau. Ora mung nuruti kekarepanku utawa kekarepan Panjenengan.
Aku wes pener, alkitab jarwa jawi pun yo lumrah nganggo apa sing aku nggo (nyatané 3000 tembung ora sathithik), buku mapel basa Jawa yo nganggo sing aku nggo. Lhapo Panjenengan mbalekne kabeh besutan bot ku?
Kenapa wiwit wingi aku ngeyel mempertahankan pendapatku? amarga mengko hubungané mbi tembung lingga. Basa Jawa kui aglunatif. Yen mudheng tembung linggané, wong Jawa awam isoh gawé gathukané. ilu isoh dadi umilu, ilon-ilonen, kelu, ngelon, ngeloni, kapilu, lsp. Golekana nang bausastra yen ra percaya.
Yèn wong mudhengé mung mèlu, wes stuck nang kono. Wong mèlu kui dudu tembung lingga. Ngoten. Shiinabot (rembugan) 5 Maret 2023 02.48 (UTC)[wangsuli]
Panjenengan kabèh uga ora nemu dasar nggo nglarang botku gawé owah2an tembung kuwi kan? Aku ra bakal nglakoni kaya ngunu kuwi kuwi yen ora ana dasaré. Dasarku paramasastra. Alesané wis runtut takcritakna nang dhuwur. Titik.
Nuwun. Shiinabot (rembugan) 5 Maret 2023 02.53 (UTC)[wangsuli]
Mas, kan sampun kula andharaken ing inggil babagan ater-ater ma- punika, ma- + ilu = mèlu. Babagan panganggèning aksara "o" ing "ono opo, orapopo" niku kalebet ukara boten baku. Menawi dipun samikaken kaliyan panganggèning tembung mèlu ingkang baku kaliyan aksara "o" ingkang boten baku inggih boten wonten gumathukipun. — Labdajiwa (rembugan) 5 Maret 2023 03.05 (UTC)[wangsuli]
Halo kanca-kanca, ngaturaken rahayu kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya.
Mas Shiina saha kanca-kanca ingkang tansah kawula tresnani, kawula namung badhé caos kawruh sakedhik babagan basa Jawi.
Ingkang prelu dipun wigatosaken inggih punika bilih anggènipun nyerat "tembung baku" punika boten ateges kedah manut kaliyan sumber morfologi tembung lingganipun. Samanten ugi ater-ater um-, ingkang pundi ater-ater punika sampun pinanggih wonten salebeting kasusastran Jawi Kina.
Mas Shiina menawi badhé langkung pirsa babagan basa Jawi, prayoginipun ugi nyinaoni buku-buku kasusastran Jawi wiwit saking basa Jawi Kina dumugi basa Jawi Énggal. Ing babagan basa Jawi Kina panjenengan saged maos Kalangwan lan Kamus Jawa Kuna - Indonesia anggitanipun Prof. P.J. Zoetmulder. Wondéning ing babagan kasusastran lan basa Jawi Énggal, panjenengan ugi saged maos buku-bukunipun W.J.S. Poerwadarminta, Padmasusastra, S. Padmosoekotjo, lsp.
Tinimbang merkawisaken bab ingkang kirang substansial punika, prayoginipun panjenengan sapunika nyinau bédanipun cara anggènipun nyerat ukara krama lan ngoko. Miturut kawula, punika langkung migunani lan saged mbiyantu ndandosi konsistensi pitembungan panyeratan artikel ingkang mawi krama lan ngoko.
Matur nuwun. Sam Hidayat (rembugan) 5 Maret 2023 03.23 (UTC)[wangsuli]