Slèdri
Slèdri | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Apiales |
Famili: | Apiaceae |
Génus: | Apium |
Spésies: | A. graveolens |
Jeneng binomial | |
Apium graveolens L. |
Slèdri yaiku salah siji tuwuhan kang lumrah kita wéruhi ana sayur kaya ta sop, bakso, capcay lan salad.[1] Slèdri iku bisa dadi obat lelara kulit, saliyané iku uga bisa kanggo ngilangaké racun ing getih lan warasaké alèrgi.[1] Saliyané digawé campuran samubarang slèdri uga bisa dicampur karo tuwuhan liya kaya ta timun, wortel, lan bit.[1] Slèdri sing jeneng latiné Apium Graveolens wis ana ing Éropah kidul kurang luwih ing abad 15.[1] Tuwuhan iki wis misuwur minangka tamba utawa jamu, saliyané iku uga bisa kanggo nyedhepaké masakan.[1] Slèdri iki pranyata nduwé munpanggat kanggo ngilangaké ambu cangkem kang ora sedhep.[2] Amarga tuwuhan iki bisa nambahi ngundhakaké produksi idu ana njero cangkem kita kang ampuh banget ngresiki baktèri kang ala sing bisa dadékaké mambu cangekemé dhéwé.[2] Mula iku aja mamang yèn ta mamah tuwuhan iki.[2]
Ing nagara-nagara maju akèh banget sing wis bisa manfaataké sakabèhing pérangan sing ana ing wit slèdri, nganti ora ana pérangan sing disingkrihi.[3] Pranyata akèh banget ing Indonésia kang gampang tinemu ing laladan pagunungan kang uripé alasan ana alas.[3] Kaya ta ing laladan Yogyakarta, Pulo Jawa, Bali, Lombok, NTT lan sacedhaké.[3] Mumpangataké slèdri adoh sangisore 50% saka kasil panèn, sisané mung dijarké alum lan dadi lapuk bareng lemah.[3]
Jinising Slèdri
[besut | besut sumber]Ana rong jinis slèdri didelok saka warnané yaiku:
- Slèdri Kuning[1]
- Slèdri Ijo[1] jinisé uga ana loro yaiku 1. Golden Crisp luwih misuwur jeneng selèdri lokal kang godhongé cilik-cilik,[1] 2. Giant Pascal kang godhonge gedhé-gedhé.[1]
Menawa saka Hibitus[4] wit slèdri ana telu yaiku:
- Slèdri godhong. Slèdri bisa didelok saka tata cara panen yaiku dicabut galihé utawa dipethik godhongé.
- Slèdri potong. Slèdri kang bisa dipanèn kanthi cara diiris ing dhasar galihé.
- Slèdri umbi. Slèdri iki padatané dipanèn godhonge waé. ananging jinis iki nduwéni bonggol (umbi) ing bagéyan dhasaré.
Ajiné nutrisi saben 100 g (3.5 oz) | |
---|---|
Ènergi | 57 kJ (14 kkal) |
3 g | |
Gula | 1.4 g |
Serat panganan | 1.6 g |
0.2 g | |
0.7 g | |
Vitamin | |
Vitamin C | (4%) 3 mg |
Komponèn liyané | |
Banyu | 95 g |
| |
Persèntase sadarma pangira-ira sarana pamrayoga ing AS tumrap wong diwasa. Sumber: Sasana Dhata Gizi USDA |
Cara ngolah slédri
[besut | besut sumber]- Nyuburaké rambut, Carané yaiku resiki slédri 7-10 iji nganti resik.[5] Banjur digecek nganti alus.[5] Yèn ta bar kramasan, slèdri mau digosokaké rata ana kulit sirah kanthi alus pijetan tangané. Yèn wis rampung rambut ditutup andhuk kurang luwih sakjam.[5] Banjur diwisuh banyu nganti resik.[5] Iki dilakokaké seminggu sapisan.[5]
- Ngedhunaké kolesterol, Carané yaiku resiki oyode slédri 30 gram nganti resik.[5] Banjur godhog nganggo rong gelas banyu putih ngati sisa kurang luwih sagelas.[5] yèn wis adhem, banjur disaring lan diunjuk kabèh.[5]
- Ngilangaké alergi, Carané yaiku rong iji slèdri, telu iji wotel sedheng, lan siji tela bit sedheng diresiki resik.[5] Banjur digawé jus.[5] Unjuk jus mau ngati entek pas weteng ngelih.[5] Sadina digawé kaping loro.[5]
- Ngurangi kolik lan lara weteng, Carané yaiku 60 gram slèdri seger, sakros jae abang, siji gula aren.[5] Kateluné banjur digodhog nganggo rong gelas banyu.yèn wis adhem, banjur disaring lan diunjuk kabèh.[5] nganti sisa sagelas.[5] yèn wis adhem, banjur disaring lan diunjuk kabèh.[5] yèn wis adhem, banjur disaring lan diunjuk kabèh.[5]
- Ngobati watuk, Carané yaiku resiki 30 gram slèdri.[5] Banjur dikethok-kethok.[5] Digodhog nganggo telung gelas banyu nganti sisa sagelas banjur disaring.[5] Yèn seneng bisa diwènèhi madu. Digawé sadina ping pindho, ésuk lan sore.[5]
- Ngobati bronkitis, Carané yaiku resiki 60 gram slèdri, 10 gram kulite jeruk mandarin, lan 25 gram gula aren.[5] Banjur dirajang, digodhog nganggo telung gelas banyu nganti sisa separoné.[5] yèn wis adhem, banjur disaring lan diunjuk kabèh.[5] yèn wis adhem, banjur disaring lan diunjuk kabèh.[5] Digawé sadina ping pindho, ésuk lan sore.[5]
- Ngudhunaké dharah dhuwur, Carené yaiku resiki 100 gram slèdri, digecek nganti alus.[5] Ditambah sagelas banyu anget.[5] Banjur disaring.[5] Yèn wis adhem diunjuk kaping pindho, ésuk lan awan.[5]
- Ngobati mata kering, Carené yaiku godhong slèdri kang senger digawé lalapan.[5] Dimadhang saben dina.[5]
- Ngobati rematik, Carané yaiku diresiki godhong slèdri antarané 30-40 iji. Banjur disiram nganggo banyu panas.[5] Dimadhang kanggo lalapan.[5] Kaping pindho sadina.[5]
Gladri
[besut | besut sumber]-
Sop Kikil
-
Bakso
-
Salad
-
Seledri Ijo lokal
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i Kompas Online Archived 2012-06-24 at the Wayback Machine.(Kaundhuh tanggal 27 April 2011)
- ↑ a b c [1][pranala mati permanèn](Kaundhuh tanggal 28 April 2011)
- ↑ a b c d [2] Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(Kaundhuh tanggal 28 April 2011)
- ↑ Rahayu, Sri (2017). Sehat Tanpa Obat dengan Seledri. Yogyakarta: Rapha Publishing. ISBN 978-979-29-6024-2.
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai [3] Archived 2010-09-01 at the Wayback Machine.(Kaundhuh tanggal 30 April 2011)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |