Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
1. Jumadi pancene wong sing kawentar ning desane, wis kabeh wong mangerteni yen dheweke iku wong sing ora duwe, biyen pancene dheweke iki anake wong sing sugih banget. Nanging kabeh banda dunyane entek amarga dheweke seneng judi. Nadyan kasarane wis mlarat dheweke iki malah ora kapok, dheweke sok ngomong sing gedhe kaya ta nalikane ditagih utang dening Kang Pardi “Lho Kang, rika iku aja sembrono, kok dapako nyaur utangku marang rika, warunge rika tak tuku dina iki ya aku isok”. Unen-unen sing trep kanggo ngambarake sipate Jumadi yaiku.... a. Aja sok umuk, yen ana pakewuh b. Ana catur mungkur c. Adigang, adigung, adiguna d. Aja ngumbar hawa nafsu e. Aja mung wani gampang, wedi ing ewuh 2. Ing SMKN 3 Malang ana siswa jenenge Boimin, dheweke kadapuk dadi ketua OSIS. Sawijining dina Pak Tumin Waka Kesiswaan maringi dheweke tiket kanggo melu gerak jalan. Pak Tumin uga ngendika yen Boimin lan kanca-kancane bakale dienteni ning TKP jam 06.00 WIB, bengine dheweke dolanan PUBG nganti lali ngabari kancakancane. Sesuke dheweke malah tangi jam 09.00 WIB, nganti Pak Tumin wis medayoh ana omahe karo muring-muring. Unen-unen sing trep kanggo ngambarake sipate Boimin yaiku.... a. Aja gawe gosong atine liyan b. Aja melu celeng boloten c. Aja kaya arek cilik d. Aja sok dawa tangane e. Aja seneng ogak-ogok torus ijo, tunggak kang semi 3. Ing sawijining desa bakale ana pembangunan dalan anyar, nanging susahe dalan sing bakal dibangun mbolongi bukit sing ana ing desa iku. Para Warga guyup gotongroyong supaya bisane dalan iku gampangake akses menyang desa liyan. Ana sawijining Warga jenenge Sayuti, miturut piyambake pambangunan dalan iku ora penting, dalan sing wis ana kudu dimanfaatna kanti tumenanan. Saben liwat ngarepe warga sing tumandang gawe Sayuti mung maido, lan ngenyek nganggep para Warga numindakake pakaryan kang siya-siya. Nanging nalikane dalan iku wis dadi Sayuti malah tumbas pit motor anyar, saben dina piyambake liwat dalan kono kanti ngomong “dalan iku hake kabeh warga”. Unen-unen sing trep kanggo ngambarake sipate Sayuti yaiku. a. Melok keplok gak melok tombok b. Nek ngomong aja cemplang-cemplung c. Nganakake sing gak ana d. Kegeden empyak kurang cagak e. Kembang pundhak sumbar ganda sumerbak 4. Kunti isik anyar dadi ketua Osis, dheweke pancene lare sing sregep tur blater. Sanajan dheweke anake Kepala Sekolah dheweke ora tau ngegung-ngegungake drajate wong tuwane. Nanging Sinta ora seneng karo Kunti, nganggep yen Kunti dadi ketua Osis amarga ana cawe-cawe saking wong tuwane. Mesti wong tuwane ngongkon anak buahe supaya Kunti bisa menang dadi ketua Osis. Sinta nyebarake kabar yen Kunti iku kepilih amarga dheweke curang, dibantu dening wong tuwane amarga Kunti mono sakjanjane ora duwene ketrampilan apa-apa. Unen-unen sing trep kanggo ngambarake sipate Sinta yaiku. a. Aja seneng ogak-ogak torus ijo b. Aja sok dawa tangane c. Aja ngumbar hawa nafsu d. Aja kaya arek cilik e. Asu gedhe menang kerahe 5. Resti pancene anak saking kolonel, saben budhal sekolah dheweke mesti didherekake karo pengawal pribadi bapake. Sawijining dina dheweke ora sengaja nyeblokake HP kancane nganti rusak, nalika kancane njaluk tanggung jawab. Resti malah ngomong “Lho rika gak eruh lek Bapaku iku Kolonel, aku iku ngerti yen bapakmu iku anak buahe bapakku apa gelem, bapakmu dilereni mergawe karo bapakku? Unen-unen sing trep kanggo ngambarake sipate Resti yaiku... a. Kudhung lulang macan b. Adigang, adigung, adiguna c. Wani ngala luhur wekasane d. Wania marang salah, wedia marang bebener e. Utang pati nyaur urip, wong utang wajib nyaur 6. Bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku..... a. Teks sastra akeh nggunakake tembung entar lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane). b. Teks sastra akeh nggunakake tembung denotasi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakae tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane) c. Teks sastra akeh nggunakake tembung kang multi tafsir dene teks non sastra ngunakake tembung kang ditegesi sapa wae padha. d. Teks sastra akeh nggunakake basa resmi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake basa ora resmi. e. Teks sastra rakitane tembunge lumrah wae dene teks non sastra rakitane tembunge nuwuhake wirama (musikalitas) 7. Ing ngisor iki kang kalebu jinis-jinise basa rinengga, yaiku . . .. a. purwakanthi, tembung garba, parikan, pepindhan, wangsalan, wangsalan, lan panyandra. b. tembung entar, suluk pedhalangan, tembung kosok balen, wangsalan, lan sanepa. c. geguritan, tembang, pepindhan, sesanti, tembung kriya, ukara sambawa, lan wangsalan. d. tembung yogyaswara, pirwakanthi, tembung garba, tembung kriya, lan parikan. e. parikan, cangkriman, tembung entar, tembung kriya, tembung aran. 8. Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...... a. Sapa sing salah kudu ngalah b. Yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula sing ati-ati c. Tangane bocah iku dawa sisih, cacat wiwit cilik d. Bocah kuwi pancen lunyu ilate, mula didohi kancane e. Polatane katon sumringah bareng krungu kabar kahanan pacare. 9. Ukara sing ngemu basa rinengga yaiku? a. Sadina natas udane ora uwis-uwis b. Agemane Bapak diampil Pak Dhe c. Saben dina pengaweyane mung masak ula d. Pancen bocahe ya ayu, tur solah tingakhe nyenengake e. Dhasar gandhes, luwes, yen nganggo busana sarwa pantes. 10. Paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga yaiku.... a. UKS-e kudu lengkap isine sokur ana dokter pengawase sing kalamangsa nunggoni ing UKS. Kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis b. Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung karo gedhung, mburi sekolah, pinggir lapangan. c. Mbiyen ora ana sing nglirik, nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane saya tambah merga pranyata tanduran kang ber-racun iki manfaate akeh banget. Wiwit minangka bahan baku biodisel, tanduran pelindung, obat tradisional, pakan ternak, insektisida lan sumber pupuk. d. Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Setyowati wis manteb nedya nduwa kersane ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan Raden Narasoma. Mula sekaring padhepokan ing Arga Wilis kuwi tansah mbududaya gole kcara supaya bisa uwal saka papan kono. e. Saiki sawise ndoya rumangsa kekurangan bahan minyak, merga cadangan minyake saya entek, manungsa bali nggunakake lenga jarak minangka bahan bakar disel. Yen dibandhingake karo BBM lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek, angger gelem nandur. 11. Tembang kang lumrahe digunakake kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Kaudal saka rong tembung kang tegese tresna lan geni. Tembang isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya, wanita lan liyan), kabeh mau wis dadi kodrate Gusti. Andharan mau nuduhake jinise tembang . . .. a. Asmaradana b. Maskumambang c. Katresnan d. Sinom e. Mijil Lamun sira anggeguru kaki, Miliha manungsa kang nyata, Ingkang becik martabate, Sarta kawruh ing hukum, Kang ngibadah lan kang wirangi, Sukur oleh wong tapa, Ingkang wus amungkul, Tan mikir pawehing liyan, Iku pantes sira guronana kaki, Sartane kawruhana. 12. Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, yaiku . . .. a. 12i, 9a, 8e, 6u, 9i, 8a, 6u, 9a, 12i, 7a b. 12i, 9a, 8e, 7u, 10i, 7a, 6u, 8a, 10i, 7u c. 10i, 10a, 8e, 7u, 91, 7a, 6i, 8a, 12i, 7a d. 12i, 10a, 8e, 8u, 8i, 7a, 6u, 9a, 10i, 7a e. 10i, 9a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a 13. Tembang kang lumrahe kanggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawiksanan. Tegese gegandhengan tangan lan bisa uga ateges jeneng sawijining kembang. Paraga kang digambarake kanggone wong wadon. Andharan mau nudhuhake jinise tembang . . .. a. Mijil b. Maskumambang c. Asmaradana d. Kinanthi e. Dhandhanggula Ing pojok wetan sang surya, Nyungging sinom dadi peni, Kagubet embun rumeksa, Dening Hyang Murbeng Dumadi, Raga jiniret ati, Seka perbawaning esuk, Manuksma suluk angga, Kang wang-sinawang mranani, tibane prana sarwa sulih prasaja 14. Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, yaiku . . .. a. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a b. 8a, 9i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12u c. 9a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a d. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 7i, 12a e. 9a, 9i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong aurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwa ingkang tatakrama, den keesthi siyang ratri. 15. Yen dideleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune embang ing nduwur kalebu jinisi tembang ….. a. Sinom b. Mijil c. Pucung d. Pangkur e. Megatruh Prajanjine abipraya, saturun turuning wuri, mengkono trahing ngawirya, yen amasah mesu budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung ngeksiganda, nugrahane prapteng mangkin, trah tumerah dharahe padha wibawa 16. Tembang ing dhuwur yaiku tembang . . . ana . . . gatra a. mijil 7 gatra b. sinom 9 gatra c. kinanthi 6 gatra d. megatruh 5 gatra e. pangkur 9 gatra 17. Watak lan pangetrape tembang Gambuh yaiku ... a. Watake medharake rasa lan pitutur, pangetrape kanggo mangayubagya utawa bebukaning carita b. Watake nelangsa lan susah, pangetrape kanggo medharake rasa prihatin utawa keranta-ranta c. Watake wani, raket lan kulina, pangetrape kanggo medharake piweling lan pitutur d. Watake grapyak, semananak lan renyah, pengetrape kanggo medharake swasana seneng, parisuka e. Watake susah, grapyak, lan kulina, kanggo medharake piweling lan prihatin 18. Ja sira seneng wadulan, Aja idak aja nyepak, kerep rembug rebut bener, Kanca susah jare tuman, Lan aja siya-siya Wong becik kena digugu, Rewang sanak nambah kadang. Tembang ing dhuwur iku duweni guru wilangan lan guru lagu kaya ing ngisor iki.. a. 8i,8a,8e,7a,8a,8u,8a b. 8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a c. 8i,8a,8e,8a,8a,8u,8a d. 8i,8a,8e,7a,8a,8u,7a e. 8i,7a,8e,8a,7a,8u,8a 19. Yen saget njurteni neki Uripe ing alam ndonya Ora nemen sengsarane Lan malih kaweruhana Linggalane liyang kina Niku sejatining elmu Kang tumrap ing alam padhang Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatra, yaiku a. 8,8,8,7,8,8,8 b. c. d. e. 8,8,8,8,8,8,8 8,8,8,8,7,8,8 8,8,8,8,8,8,7 8,8,7,8,8,8,8 20. Aja turu sore kaki, Ana dewa nganglang jagad, Nyangking bokor kencanane, Isine donga tetulak, Sandhang kalawan pangan Yaiku bageanipun Wong melek sabar narima Apa sing digambarake tembang ing nduwur? a. Wong sing melek, mesti sabar narima b. Dewa seneng ngider donya nalika sore c. Wong urip aja seneng turu d. Sandang lan pangan iku bageane wong kang sabar e. Aja turu yen wayah surup 21. Eyang Ngendika, “ Sesuk Ibu rawuh” Tembung kang kacetak kandhel nunggal teges karo tembung ing ngisor iki kajaba... a. Dhawuh b. Kandha c. Mundhut d. Sanjang e. Matur 22. Pak Doni kawentar lantip mulang PPKN Tembung kang kacetak kandhel pada teges karo tembung... a. Sregep b. Pinter c. Tlaten d. Bodho e. Seneng 23. Pak Isman ...... nalika prastawa “perobekan” gendera Landa Merah Putih Biru engga kari Merah Putih ing Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku.... a. Ndelok b. Nyawang c. Nyekseni d. Mriksani e. Ningali 24. “Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa..... a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama Alus e. Basa Milenial 25. Panganggone basa ngoko alus sing bener, yaiku ....... a. Bapak gadhah sawah pirang-pirang hektar b. Pak Danuri ora weruh yen ana tamu c. Fina tumbas sekul tigang bungkus d. Bu Tholiah dhek wingi mudhut beras limang kilo e. Mas Nardi sampun rawuh saking Surabaya 26. Aku dikongkon Mas Bayu tuku kacang karo roti mari. Ukara basa ngoko lugu kasebut yen diowahi dadi basa krama alus ...... a. Kula dikengken Mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti b. Kula dipunutus Mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti c. Adalem diutus Mas Bayu mundhut kacang kaliyan roti d. Kula lan mas Bayu dipunutus mundhutaken roti e. Adalem dipunutus Mas Bayu mundhut kacang kaliyan roti 27. (1) Anggone mlaku wis tekan ngarep kelurahan, lan kepetuk wong 4 arep mubeng runda. Sawise takon-tinakon wong runda mau banjur mangkat maneh. Hardjita mlebu njunjug pandapa. (2) Di Harjita, mangga lenggah ngriki kemawon,” Lurah Darmin ngajak lungguh ana kursi kang adoh saka panganggone wong-wong djaga. “Wonten wigatos punapa di?” pitakone maneh pada lungguhan. (3) Ing pandapa ana wong 4 kang lagi ngobrol, lan siji lagi turu. Harjita mlebu. Kebeneran banget dek semana Lurah Darmin lagi metu, banjur nemoni Harjita. (4) Sadjroning mlaku, Harjita tansah mikir-mikir dene ana kedadean teka aneh. Jiwane ana sing ngincim, diincim dening Badjingan. Urutna cerita ing dhuwur supaya dadi cerita kang utuh...... a. 2, 3, 4, 1 b. 1, 2, 3, 4 c. 4, 1, 3, 2 d. 2, 4, 1, 3 e. 3, 2, 4, 1 28. Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-ungguh yaiku.... a. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu. b. Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu. c. Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih ibu. d. Kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu e. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunsukani kalih ibu. 29. Pak Dhe Gopal Pak Dhe : Oo Nak Gopal iki ta putrane Pak Izzul sing nembe kondur Haji? Piye kabar kasugengan lan tindake neng Mekah? : Pangestunipun Panjenengan, Bapak pinaringan waras sakonduripun saking Mekah. Mung radi gerah watuk sawatawis, mila dereng saged sowan mriki. Bab kanca-kanca sanesipun, pancen meh sedaya kepengin sowan mriki, eman sedaya sampun pikantuk jejibahan piyambak-piyambak saking sekolahan. : Kanggo pentas ujian pagelaran kuwi, ta. Ya wis ora papa. Pancene gurumu kuwi kurang penggawean. Ukara kang ora trep panganggone miturut unggah ungguh basa Jawa yaiku... a. Waras b. Kanca-kanca c. Sedaya d. Piyambak e. Piye 30. .................... Bu Narko: Mulane bener jare unuen-unen, anak polah bapa kepradhah. Pak Narko: Pancene ora pakra kabeh wong-wong iku, angger mangap sakenake dhewe! Iki ya gara-gara kowe Yit, anak sitok ra udur pisan! (muni ngono karo mencerengi anake) Prayit: Ya, sepurane pak pancen aku salah...(ndhingkluk karo dolanan drijine) .................... Ukara kang ora trep panganggone miturut unggah ungguh basa Jawa yaiku... a. Mulane bener jare unen unen, anak polah bapa kepradhah b. Ya sepurane pak, pancen aku salah. c. Iki gara gara kowe Yit. d. Pancen ora pakra wong-wong iki e. Nggih sepuntene pak,panci kula lepat 31. Apa arane alat ing gambar iku....... (a) a. b. c. d. . e. 32. Apa arane alat ing gambar iku.... (a) a. b. c. d. e. 33. Apa arane alat ing gambar iku .... (a) a. b. c. d. e. 34. Apa arane alat ing gambar iku... (e) a. b. c. d. e. 35. Apa arane alat ing gambar iku.. (a) a. b. c. d. e. 36. Ing ngisor iki piranti sing kena kanggo nyiduk jangan yaiku . . .. No. Jenenge Piranti 1. 4. 2. 5. 3. a. b. c. d. e. 1 2 3 4 5 37. Ing ngisor iki piranti sing kena kanggo njangan rawon yaiku . . .. No. Jenenge Piranti 1. 4. 2. 5. 3. a. b. c. d. e. 1 2 3 4 5 38. Ing ngisor iki piranti sing kena kanggo napeni beras yaiku . . .. No. Jenenge Piranti 1. 4. 2. 5. 3. a. b. c. d. e. 1 2 3 4 5 39. Ing ngisor iki piranti sing kena kanggo ngusung uwuh (kotoran) yaiku . . .. No. Jenenge Piranti 1. 4. 2. 5. 3. a. b. c. d. e. 1 2 3 4 5 40. Ing ngisor iki piranti sing asale saka pring, Kajaba .... No. Jenenge Piranti 1. 4. 2. 5. 3. a. b. c. d. e. 1 2 3 4 5 41. //Sekar Gambung ping catur // kang cinatur polah kang kalantur // tanpa tutur katulatula katali // kadaluwarsa kapatuh / katutuh pan dadi awon// Pranyatan kang bener mungguh Tembang Gambuh ing dhuwur yaiku.... a. Ing sapada dumadi saka 6 gatra lan 58 wanda b. Nggunakake tembung-tembung kawi ping, dadi, awon, polah. c. Ana sengkalan kang unine kadaluwarsa kapatuh d. Nggunakake purwakanthi sastra k, l, t, r. e. Guru wilangan lan guru lagune : 8u, 12u, 12i, 8u, 8o 42. Tata paugeran 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i arane tembang .... a. Mijil b. Kinanthi c. Sinom d. Megatruh e. Asmaradana 43. Lumakune srengene wis owah Panyawangku dadi ....... jingglang Jangkepana tembang Dhandhanggula ing nduwur iku manut paugeran lan tata runtut surasane! a. Petheng b. Padhang c. Katingal d. Kaya-kaya e. Tentreme 44. Ukara ing ngisor iki kang tetembungane ngemu teges ora salugune yaiku..... a. He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang b. Sapa sing rumangsa salah, wis samestine kudu gelem ngakoni salahe, becike banjur njaluk pangapura. c. Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu omah cet biru. d. Pancen pantens yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes luwes solah bawane. e. Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan papan sakiwa tengene, nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya tugu. 45. Mupangate nyinaoni tembang macapat..... a. Supaya bisa dadi waranggana (penyanyi) b. Bisa njupuk amanat lan pitutur luhure c. Supaya mangerteni cengkok-cengkok tembang. d. Supaya bisa nyiapake yen ana lomba tentembangan e. Amarga kita wong Jawa kudu bisa nembang. 46. Kanggo nggambarake rasa pangrasa kang sdhih kita bisa ngripta tembang macapat jinis.... a. Pangkur, Durma, Maskumambang b. Kinanthi, Maskumambang, Pangkur c. Asmaradana, Megatruh, Maskumambang d. Asmaradana, Durma, Megatruh e. Dhandhanggula, Mijil, Kinanthi 47. Golekana tembung padinane tembung-tembung ing ngisor iki! No. Tembung Krama 1. Nyengkuyung 2. Minangka 3. Katalumpen 4. Murwakani 5. Madyaning a. dadi, lali, miwiti, saengahe, ngewangi b. lali, ngrewangi, satengahe dadi, miwiti c. lali, satengahe, dadi, miwiti, ngrewangi d. ngrewangi, lali, satengahe, miwiti, dadi e. ngrewangi,, dadi, lali, miwiti, satengahe 48. Bapak, adalem nyuwun pirsa, dalemipun Pakdhe dateng pundi? Pretelan iku nggunakake basa ….. a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama alus d. Krama lugu e. Krama desa 49. Ing ngisor iki sing klebu sandhangan panyigeg wanda yaiku . . .. a. cakra, keret, lan pengkal b. pangkon, lingsa, lan lungsi c. wignyan, layar, lan cecak d. pepet, cakra, suku, lan cecak e. suku, wulu, pepet, taling, lan taling 50. Unen-unen ing ngisor iki nuduhake yen sakabehing gegayuhan mesthi mbutuhake pangurbanan, yaiku ...... (c) a. b. c. d. e.