Location via proxy:   [ UP ]  
[Report a bug]   [Manage cookies]                
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 1

Kasugengan Karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula

panjenengan sedaya. Aamiin.


Panjenenganipun Bapak Agus, pinangka kepala SMP 2 Bantul ingkang satuhu
kinabekten.
Bapak Ibu guru serta karyawan SMP 2 Bantul ingkang satuhu kinurmatan, serta
para kanca kelas songo ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun
Gusti Allah SWT ingkang sampun paring karohmatan ingkang awujud kasarasan serta
kalodhangan satemah saged manunggal ing aula SMP 2 Bantul kanthi boten wonten
alangan setunggal menapa.
Para Bapak Ibu tuwin para lenggah sedaya, kula minangka sesulih para kanca
kelas songo mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agungin panuwun,
dene sampun kersa rawuh ing adicara menika.
Kejawi menika kula ugi ngaturaken panuwun dhateng bapak kepala SMP 2
Bantul ingkang sampun kersa nampi serta mangku sedaya sarana ubarampe tuwin
samudayanipun amrih cekapipun pepanggih menika. Mugi-mugi kesaenan ing
penggalih kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca
nywun pangapunten kanthi sanget boten saged nyaosi piwales menapa-menapa.
Bapak Ibu Guru , Bapak Ibu Wali Murid serta para kanca sedaya. Wosing atur
kula sedaya kelas 9 ngaturake syukur alhamdulillah dhumateng Gusti Ingkang Maha
Rahiim ingkang sampun ngijabahi dedonga kula dalasan para kanca siswa kelas 9
satemah ing Ujian Nasional serta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus serta
tamat.
Dene ingkang kaping kalih kula minangka sesulih para kanca matur
nuwunsanget dhumateng para Bapak saha Ibu guru ingkang sampun kersa maringi
piwucal, kawruh , wewarah, miwah pitedah ingkang murakabi. Mboten langkung kula
sekanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sinau ing tataran ingkang
langkung inggil kanthi gangsar.
Wondene atur ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula sakanca rumiyin
asring sami nakal , boten nggugu dhawuh, nerak angger-anggering sekolah, lan
sanes-sanesipun. Sadaya wau temtu damel runtikipun penggalih. Pramila menika kula
lan sedaya siswa kelas 9 rumaos getun keduwung sanget. Pramila kula sedaya
nyuwun agunging pangapunten.
Para Bapak Ibu Guru , Bapak Ibu Wali Murid serta para kanca sedaya,
mekaten atur kula. Mboh bilih wonten kalepatan anggen kula matur , kula nyuwun
lumunturuing sih pangaksami.

Anda mungkin juga menyukai